Sabtu, 29 November 2014

Babad Desa Srandil


 Cerita Rakyat Babad Pesarean Ing Desa Srandil

Desa Srandil inggih menika, desa ingkang dipun babad kalian Mbah Munobiat utawi asring dipun wastani Kyai Munobiat. Kyai Munobiat menika wayahipun Kyai Khasan Besari, putranipun Khasan Yahya sakig Tegalsari, Jetis Ponorogo.
Kala rumiyin, Ponorogo menika babad saking Mataram. Kyai Khasan Besari malebet wonten ing Tegalsari. Kyai Khasan Besari menika diijini, ananging wonten sarat ingkang kedah dipun lakoni. Inggih menika, keturunanipun Kyai Khasan Besari kedah mbabad alas kang wonten ing Kabupaten Sumarata Kutho Kulon, inggih menika desa ingkang dereng wonten ingkang mbabad, ingkang samangke alas ingkang dipun babad menika dados Desa Srandil.
Mila Kyai Khasan Besari nyuwun dateng keturunanipun damel mbabad Desa Srandil menika. Lajeng, panggenan menika dipun babad kalian Kyai Munobiat.
Ngepasi Srandil di babad, Sumarata sampun ngadek jejek ingkang dipun pimpin kaliyan Adi Pati Sumarata nomer kalih, inggih menika Raden Mas Tumenggung Sumanegara.
Sak sampunipun Desa Srandil di babad dening Kyai Munobiat, Desa Srandil menika di wontenaken pesarean damel makam keturunan-keturunanipun para sesepuh Srandil lan para sesepuh saking Sumarata.
Pesarean menika saniki terkenal kalian nama Astana Srandil. Mapan ing Desa Srandil, Kecamatan Jambon utawi 11 Km mengilen saking kitha Ponorogo saderengipun Badegan. Saking radosan ageng, terus mengalor kurang lewih 200 M, mapan ing sak wingkingipun SDN 1 Srandil.
Menawi dideleng saking geografisipun, Astana Srandil menika wonten ing pegunungan ingkang sambung-sinambung. Saking pamanggihipun R.A. Sundari (mantan juru kunci Astana Srandil, Almarhum) gunung alit-alit menika wonten 5 gunung. Inggih menika; Gunung Lemu, Gunung Bancak, Gunung Ngrayu, Gunung Srayu, lan Gunung Srandil.
Pesarean menika mapanipun ing Gunung Srayu. Miturut pamanggihipun Mbah Sarmadi (mantan juru kunci Astana Srandil) Gunung Srayu menika nggadah i arti “Sugeng Rahayu” utawi gunung ingkang saget maringi keslametan. Mbah Sarmadi ngendika menawi priyantun ingkang sepisan dimakamaken ing Astana Srandil inggih menika Raden Mertakusuma, inggih menika patih saking Kabupaten Polorejo ingkang dados tiyang ingkang pro-kalian Pangeran Diponegoro wonten ing peperangan nglawan Bangsa Walandhi.
Desa Polorejo menika mapan ana ing sakleripun kitha Ponorogo, saniki sampun dados stunggal kaliyan Kecamatan Babadan. Desa menika tansah ndadak rejo (rame) sak sampunipun ing sisih wetanipun dibangun terminal ingkang dipun kenal kaliyan nama Trminal Seloaji.
Desa Polorejo menika ing abad-19 an dados pusating pamarentahan saking Kabupaten Polorejo. Rumiyin ing Ponorogo wonten sekawan kabupaten ingkang sedaya kabupaten menika dados abdinipun Kasunanan Surakarta, inggih menika Kabupaten Ponorogo Kutho Wetan, Kabupaten Pedanten Kutha Kidul, Kabupaten Sumoroto Kutha Kulon, lan Kabupaten Polorejo Kutha Lor.
Cariyosipun, kala rumiyin Kabupaten Poloreja menika wonten tiyang pangembara saking Surakarta. Pangembara menika dados tiyang ingkang mbabad alas ing sawijining papan (sak leripun kitha Ponorogo) lajeng dipun dadosaken papan panggenan damel mbangun omah lan mbangun Pondok Pesantren ingkang dados papan panggenan panyinaon agama islam kanggo para warga. Papan kasebut dijenengi “Pondok Cempoko”. Suwe-suwe pondok kasebut saya rame (rejo) sahingga Pondok Cempoko jeneng e di ubah dadi “Pondok Cempolorejo”.
Seiring lakune jaman, para Pandhegane Pondok Cempolorejo di dadekake Adipti dening Panguasa Kasunana Surakarta Sunan Paku Buwana IV ing papan kasebut. Kalian nyandhang gelar Raden Tumenggung Brotonegoro, lan papan panggenanipun dipun sebut Kabupaten Polorejo.
Ngadeging kabupaten anyar kasebut, nggadah i respon ingkang positif saking desa-desa ing sakiwa tengen e, kathah desa-desa ingkang nggabungaken desanipun kliyan Kabupaten Polorejo. Kayata; Desa Ngunut ingkang di Pandhegani kalian Ki Lurah Puspadimejo (kala rumiyin, nama desa menika asalipun saking tembung “Nunut” tegese Nunut pemerintahan Raden Tumenggung Brotonegoro), Desa Bareng ingkang dipun pandhegani kaliyan Ki Lurah Jogotirta (nama desa menika aslipun saking tandhuran “Wareng”, inggih menika papan ingkang sangandaping tandhuran Wareng menika, papan panggenan ingkang dipun panggeni kaliyan pangembara ingkang asalipun saking Surakarta, ingkang gadah asma Joyodiguna, sing sepisan mbabad alas ing papan kasebut, sahingga desa menika kasebut kaliyan Desa Bareng), lan desa-desa liya ingkang wonten ing sakitaring Kali Sekayu.
Sasuwene pamarintahan Kabupaten Polorejo di pandhegani dening  Raden Tumenggung Brotonegoro, ing kasultanan Yogyakarta lagi ana Perang Diponegoro (1825-1830). Ewadene Kabupaten Polorejo lan 3 Kabupaten liya wonten ing sakngandaping pamerintahan Kasunanan Surakarta, nanging amargi kacelakkanipun kalih Kabupaten Madiun (kalebu ing wilayah Kasultanan Yogyakarta) sekedik kathah mesthi gadah i pengaruh kanggo Kabupaten Polorejo, sebab Perang Diponegoro boten namung kalampahan ana ing Jawa Tengah mawon ananging marambat ing Madiun, Ngawi, Pacitan, lan boten katinggalan Kertosono.
Ing Kabupaten Madiun, wonten priyantun ingkang setia dumateng Pangeran Diponegoro ingkang gadah asma ingih menika Kertadirdja. Priyantun menika ingkang mandhegani perlawanan rakyat Madiun kagem ngalawan para prajurit bangsa walandhi. Kartadirdja nglajengaken hubungan lan kerja sama kaliyan para bupati-bupati ing sak kiwa tengenipun Madiun, kayata; Raden Ngabehi Mangunprawiro Bupati Purwadadi lan Raden Tumenggung Brotonegoro Bupati Polorejo.
Minangka pengikutipun saking Kasunanan Surakarta, tamtukemawon panguwasa Polorejo kedah dipun wajibaken sowan ing Keraton Surakarta supados dados bukti kasetyaanipun. Ananging amargi Raden Tumenggung Brotonegoro boten pro-Belanda, Raden Tumenggung Brotonegoro radi pakewed menawi bade sowan ing Keraton Surakarta, amargi Raja Surakarta piambak raket kaliyan penjajah bangsa walandi ketimbang ndukung Pangeran Diponegoro.  Lajeng Raden Tumenggung Brotonegoro menika ngutus juru tulisipun ingakang gadah i asma Margo Ewuh, supados mboten ndadosaken curiganipun Panguwasa Keraton Surakarta, Raden Tumenggung Brotonegoro nitipaken serat menawi panjenenganipun gerah, sahengga boten saget sowan teng Keraton Surakarta.
Kacariyos, Margo Ewuh menika ingkang dados penghianat ing Kabupaten Polorejo. Margo Ewuh ngendika dumateng Raja Surakarta menawi Raden Tumenggung Brotonegoro mboten Pro- kaliyan pamerintahanipun Keraton Surakarta ingkang Pro-Belanda. Perang boten saget dipun elak malih, amargi bab kala wau.
Prajurit bangsa walandi lan prajurit saking Keraton Surakarta langsung kemawon nyerbu Kabupaten Polorejo, sahingga nyiptakaken perang ingkang boten karuan, prajurit-prajurit Poloreja ingkang dipun pandhegani dening Raden Tumenggung Brotonegoro piambak lan di ewangi dening Patih ingkang gadah asma Raden Dipotaruno.
Tabuhan kendang perang saking Polorejo sampun dumugi Badegan, Polorejo sampun bener-bener tegang. Sedaya kekuatan sampun dipun kerahaken, ananging lawan ingkang luwih kuat ndadosaken para prajurit Polorejo sami keponthalan, luwih-luwih sak sampunipun Raden Tumenggung Brotonegoro kena panah saking musuh.
Raden Tumenggung ingkang sampun kena panah saking mungsuh, mlayu saka Tlasih menyang daerah kidul (saniki kasebut Kelurahan Bratanegaran). Ing papan menika Raden Tumenggung Brotonegoro lan para prajurit Polorejo berjuang mati-matian. Nanging posisinipun Raden Tumenggung Brotonegoro saya kepepet, sahingga Raden Tumenggung Brotonegoro terus mlayu mengidul dumugi daerah Dengok, ing daerah menika lajeng mlayu mengilen tumuju Gunung Gombak (saniki Gunung Larangan). Ing Gunung Gombak menika, Raden Tumenggung Brotonegoro gugur, amargi dikepung dening para prajurit saking bangsa walandhi lan Keraton Surakarta. Lajeng Jasadipun Raden Tumenggung Brotonegoro di makamaken ing gunung kasebut, ananging sawise pirang-pirang tahun, kerangkanipun jasad Raden Tumenggung Brotonegoro dipun pindah wonten ing Pesarean Setono.
Perlawananipun Raden Tumenggung Bratanegoro sanget andadosaken gegering Pemerintahan Kolonial Belanda ingkang wonten ing Madiun. Bangsa walandhi menika kedah sami waspada menawi wonten perlawanan saking 3 Kabupaten ingkang wonten ing Ponorogo. Sebab menika, pamarentah Belanda mundhut keputusan supados rakyat indonesia mboten kontra kaliyan pamarentahan bangsa walandhi lan para panguwasa Pamarentahan. Menika langkahipun;
1. Menging para warga Ponorogo sowan ing Gunung Gombak ( Gunung Larangan).
2.Nekakake Prajurit kompeni saking Madiun, ingkang dipun tempataken ing Dukuh Juritan Tambakbayan supados njaga Kabupaten Polorejo, ing Kutho Wetan supados ngawasi ing Kabupaten Ponorogo, lan ing Suradikraman supados njaga Kabupaten Pedanten lan Sumoroto.
Sak sampunipun Raden Tumenggung Brotonegoro gugur ing medan perang, Kabupaten Polorejo, di perintah dening putranipun Raden Tumenggung Brotonegoro, inggih menika Raden Tumenggung Wiryonegoro. Ing sak ngandaping pamarentahanipun Raden Tumenggung Wiryonegoro, Kabupaten Polorejo dados daerah ingkang aman, ayem, tentrem, subur lan makmur, gemah ripah loh jinawi.
Kacariyos, kala rumiyin Kabupaten Polorejo ingkang gadah i urip kang aman, tentrem, lan makmur menika, berubah dados tegang malih. Gara-garanipun inggih menika bangsa walandhi ingkang gadah pabrik menika mundut banyu ingkang dipun ginakaken damel banyoni sawah penduduk Polorejo, ananging banyu kasebut di aliraken menyang Pabrik Tom (bahan damel batik), pabrik menika gadahipun kompeni ingkang mapan ing Jarakan.
Raden Tumenggung Wiryonegoro sanget anggenipun murka, jiwa  patriotisme (cinta tanah air) lan anti Belanda (anti kolonialis) Raden Tumenggung Wiryanegoro ingkan sampun di tancepaken ing jroning prinsip dateng ingkang rama. Pabrik Tom ingkang wonten ing Jarakan, di serang lan saget mateni 3 prajurit belanda. Kegiatan kasebut ndadosaken murkaning para prajurit belanda.
Prastawa kasebut ndadosaken perang antara prajurit belanda kaliyan prajurit Polorejo. Ananging amargi kalah gaman, Raden Tumenggung Wiryonegoro nyerah, lajeng Raden Tumenggung dipun asingaken ing Batavia (Jakarta) lan padatan seda ing ngrika.
Sak sampunipun Raden Tumenggung Wiryonegoro ing warsa 1837, pamarintah kolonial walandhi menika ngapus anane Kabupaten Polorejo, supados boten wonten ingkang dados tiyang ingkang nasionalis malih.
Lajeng Kabupaten Polorejo menika dipun gabung kaliyan Kabupaten Ponorogo. Samenika Kabupaten Polorejo saniki dados Desa Polorejo, ingkang malebet ing Kecamatan Babadan.
Sak sampunipun Raden Tumenggung Brotonegoro Bupati saking Polorejo gugur wonten ing Gunung Gombak utawi (Gunung Larangan saniki) ngalawan bangsa walandhi. patihipun Raden Tumenggung Brotonegoro ingkang gadah nama Raden Dipotaruna saget lolos saking tentara bangsa walandi, lajeng Raden Dipotaruna lunga menyang Desa Srandil lan ndelik ing Goa Batu ingkang mapan ana ing Gunung Ngrayu. Sak sampunipun aman, Raden Dipotaruna medal saking anggenipun ndelik, samenika Raden Dipotaruna ngrobah asmanipun dados Raden Mertokusumo, supados ngilangaken jejak saking prajurit walandi.
Raden Mertakusuma samenika dados sesepuh ing Desa Srandil, kalian Kyai Munobiat (inggih menika priyantun ingkan sepisanan mbabad Desa Srandil). Dumugi saniki, 2 tokoh menika dados priyayi ingkang dipun hormati dening para warga Desa Srandil menika.
Kacariyos kala rumiyin, sak derengipun Raden Mertakusuma wafat, Raden Mertakusuma wasiat dateng warga Srandil, menawi Raden Mertakusuma seda supados dipun makamaken ing Gunung Srayu (inggih menika sugeng rahayu) utawi Gunung ingkang dadosaken keslamatan. Padatan, ing Gunung Srayu lan Gunung Ngaryu Raden Mertakusuma saget nylametaken dheweke saking para tentara bangsa walandhi. Sak sampunipun Raden Mertakusuma seda, para warga kedah makamaken ing Gunung Srayu.
Kala rumiyin Desa Srandil menika wonten ing sangandaping naungan Kerajaan Mangkunegara 1. Wonten ing jaman Kabupaten Sumoroto ingkang dipun parentah dening Raden Mas Tumenggung Sumonagoro (Bupati Sumoroto II), ing warsa 1830–an panjenengan e ngejokaken Perdikan dateng Raja Surakarta Sunan Pakubuwana IV supados Desa Srandil ingkang gadah i ombo kinten-kinten 70 Hektar menika dipun dadosaken “Daerah Perdiksn” (bebas pajak) supados saget damel jaga lan nguri-uri Pesarean Srandil lan sekaliyan dipun dadosaken pasareanipun para sesepuh myang pini sepuh saking keturunan Bupati Sumoroto. Panjalukipun Sang Bupati dikabulaken dening Sunan Pakubuwana IV.
Tamtu saget kemawon mbok bilih pendamelan pager ingkang kelilingipun kinten-kinten 24 M X 24 M menika taksih ngadeg jejeg dumugi saniki, pembangunanipun sampun kawiwitan awit Pamerentahan wonten ing kapemimpinanipun Raden Mas Tumenggung Sumonagoro, lajeng dipun sempurnakaken ing warsa 1931.
Menawi dipun bandingaken kaliyan makam-makam Islam  ing Nusantara, Pesarean Srandil menika kalebet pesarean ingkang tesih enem umuripun. Ananging ciri khasipun taksih pakem kaliyan pengaruh budaya aslinipun bangsa Indonesia piambak lan budaya Hindu utawi budaya Lokal (Jawa).
Miturut papan panggenanipun, Pesarean Srandil menika wonten ing are pegunungan ingkang dipun bagi dados 3 tingkatan. Sepisan wonten ing njawinipun pager, ingkang nomer 2 lan nomer 3 wonteng ing salebeting pager. Pola menika nggabaraken budaya asli saking Bangsa Indonesia, inggih menika kados punden undak-undakan (papan panggenan ingkang dipun ginakaken damel muja roh-roh para leluhur, ingkang wujudipun kados piramid.
Ing tingkatan nomer 3 menika, makamipun para sesepuh ingkang di keramataken. Buktinipun inggih menika ing mrika wonten makamipun Raden Mertakusuma (priyantun ingkang dados cikal-bakal Pesarean Srandil), wonten ugi pesareanipun Bupati Sumoroto, inggih menika; makam Raden Mas Brotodirdjo (Bupati Sumoroto III) lan Raden Mas Adipati Brotodiningrat (Bupati Sumoroto IV). Khusus kagem Raden Mas Tumenggung Prawiradirja (Bupati Sumarata I) makamipun wonten ing Pesarean Setono Ponorogo, menawi Raden Mas Tumenggung Sumonagoro (Bupati Sumoroto II) makamipun wonten ing Ampelgading Surabaya.
Menawi dipun tingali saking wujudipun bangunan menika, wonten pengaruh bangunan Budaya Hindu lan Budaya Jawa. Wujudipun inggih menika; “Kori Agung” inggih menika gapura agung ingkang wonten lawang lan gendheng e, fungsinipun gapura kasebut inggih menika damel medal mlebetipun para peziarah. “kori agung” inggih menika paninggalanipun Budaya Hindu ingkang fungsinipun dados lawang gerbang mlebu-metu ing Candi. Sak sampunipun Islam malebet, “kori agung” menika dados pintu gerbang malebet ing makam lan pintu gerbang malebet ing masjid.
Kori agung (gapura) ing Pesarean Srandil ingkang payonipun awujud “Limasan” inggih menika bukti wonten pengaruh budaya lokal (Budaya jawa), amargi “limasan” kasebut mujudaken ciri khas bangunan omah jawa sak liayane Joglo lan Serotong.
Menawi di deleng saking fungsinipun bangunan menika, makam ing Pesarean Srandil anggadahi fungsi kang cocok ingkang sami kaliyan omah-omah kaya biyasane. Amargi ing Pesarean Srandil menika wonten cungkup e, inggih menika kados bangunan omah ing sak nginggilipun makam ingkang wonten ing tingkatan ke-3 (level ingkang paling keramat).
Wonten ing desa Srandil menika saniki taksih anggadahi kabudayan kang asring taksih dipun laksanakaken, kabudayan menika taksih sinambungn kaliyan kabudayan ing Ponorogo kutha wetan (samenika Ponorogo Kota). Kabudayan menika asring dipun waastani Grebeg Tutup Suro, menawi ingkang Grebeg Buka Suro menika kawontenaken ing Ponorogo kutha Wetan.
Grebeg Tutup Sura menika dipun lampahi wonten ing kalih papan, inggih menika wonten ing Kabupaten Sumarata, Ponorogo kitha Kilen (samenika dipun wastani kaliyan Desa Bantarangin), ugi panggenan ingkang nomer kalih inggih menika wonten ing Desa Srandil, mapanipun ing Pesarean Desa Srandil.
Menawi ing bantarangin manika dipun lampahi kaliyan nganakaken Kirap Pusaka, dene ing Pesarea ing Desa Srandil menika dipun lampahi kaliyan ritual-ritual ingkang gadahi tujuan damel ngurmati para sesepuh lan sakaliyan nepangaken sinten-sinten kemawon ingkang dados sesepuh ingkang sampun mbabat alas dipun dadosaken desa ing samenika karan Desa Srandil.
Wonten ing ritual menika, para warga lan para sesepuh sami dedonga sesarengan, tahlillan sesarengan, lan shalawatan sesarengan kaliyan bupati Ponorogo ingkang rawuh ing papan menika.
Wonten ing puncaking adicara menika, dipun wontenaken pagelaran Reog, mapanipun ing Pesarean Desa Srandil wonten ing tingkatan nomer setunggal, inggih menika tingkatan ingkang boten keramat, panggenanipun ing njawinipun tembok bates pesarean antara tingkatan nomer setunggal kaliyan tingkatan nomer kalih lan tiga.
Ritual Grebeg Tutup Sura menika dipun sengkuyung kaliyan bupati Ponorogo kaliyan jajaranipun saha para sesepuh lan warga Desa Srandil lan sakitaripun.
Anggenipun para warga nyengkuyung ritual menika sanget antusias, para warga sami nyengkuyung sedaya lelampahanipun adicara ingkang sampun disusun saking wiwit pambuka dumugi pungkasaning adicara menika.

Ritual menika taksih dipun openi kaliyan para warga dumugi saniki, lan terus tansah kaopeni dumugi ngenjang akir jaman.

GOLAN MIRAH

 " LEGENDA cerito RAKYAT babagan GOLAN lan MIRAH "

Ing era sing sarwa modern neng endi wae  generasi gampang membaur, informasi lan transformasi barang cepet banget, isih kerep muncul macem-macem pitakonan saka macem-macem kalangan paling utama saka wong-wong neng njaba wilayah Kecamatan Sukorejo, kaya ta:
apa bener banyu saka Golan lan saka Mirah ora gelem dicampur?
Apa ya bener wong bakalan ngalami kebingungan nek nggawa barang saka Golan menyang Mirah  utawa saka mirah menyang Golan ?
Ngopo wong Mirah ora diperkenankan nandur dhele?opo wong Mirah ora bisa nggawe tempe?
wong Mirah lan wong Golan nek ketemu neng panggon wong hajatan neng endi wae, dalane hajatan mesti arep ngalami alangan? Iku opo yo bener?
nah,,, saka macem-macem pitakonan sing kaya mangkono mau, iki lo carita ne
ndhikik neng mubarang panggon ana sawong tokoh sing terkenal karogagah lan pamani, nduwe elmu kesaktian sing dhuwur, dadine disegani banget karo wong-wong teparo. dheweke nduweni jeneng Ki Honggolono. Sak liane dadi wong pamani lan sakti,  Ki Honggolono uga arip lanbijaksana, amarga kuwi dheweke bisa karan Ki Bayu Kusuma. amarga kaluwihan-kaluwihan sing diduweni Ki Honggolono diangkat dadi Palang(lurah).
neng kene Ki Honggolono nduweni sawong anak lanang sing nduwe jeneng Joko Lancur. kaya dene bapake Joko Lancur uga kenal anak sing gagah lan pamani.
salah siji kesenengane Joko Lancur yaiku adu pitik (gugat jago). nandia dheweke lunga ora tau pisah karo jago sing didemenake.
nang mubarang dina Joko Lancur ngadu pitik (jago) , lan orasengaja ngliwati panggon sing jenenge Mirah. neng panggon kuwi pitik jago kedemenane sing arep diadu kuwi ucul saka himpitanne JokoLancur. mula gundah gulana banget jero ati si Joko Lancur, amarga kadadean kuwi. Joko Lancur ngupadi kanggo nangkep pitik (jago) kedemenane. wis suwe kekana mrene nggoleki. pitik (jago) kuwi, akhire mlebu omah e mburi  Ki AgengMirah ( Ki Honggojoyo), si Mirah Putri Ayu(Putri Ki Ageng Honggojoyo) sing lagi mbathik, kaget banget, ndeleng ana jago sing mlebu omahe. si Mirah Putri Ayu nangkep pitik (jago) sing mlebu omahe kuwi.
ora suwe banjur tekaa pemuda tampan sing nggoleki pitik (jago). pemuda kuwi ora liya si Joko Lancur, Putra Ki Ageng Honggolono. ebo kagete ati si Joko Lancur pas ndeleng pitik (jago) sing wis suwe den upadine kuwi ana jero bopongan sawong prawan sing ayu jelita, bak Bidadari mudhun saka Kahyangan. wong-wong Mirah lan sekitare nganggep Mirah Putri Ayu dadi kembang desa. lan kerep nyeluk karo julukan Putri Mirah Kencono Wungu.si Joko Lancur ora cepet njaluk jago kedemenane kuwi, ning dadi takjub lanheran amarga ndeleng ayune si Mirah Putri Ayu. sawalike si Mirah Putri Ayu uga mangkana kahyun-hyun banget dhuwur ketampanan pemuda si Joko Lancur.
wayah terus mlaku, si Joko Lancur ora saba neng ngendi wae, JokoLancur sanuli ngurungna awak neng jero omah, kerep ngelamun amarga jero atine sanuli eling si Mirah Putri Ayu wedok sing saiki dadi pujaanne.
kaanan sing mangkene akhire kawruhan bapake, Ki Ageng Honggolono.
saben dina Ki Ageng Honggolono ndeleng putera kedemenane nduweni sikap sing beda saka biyasane dheweke kerep ngelamun, ndhewe, ora pangan, wayah bengia kerep ora turu, lan sing paling nyedihne dheweke ora gelem nyedhaki si pitik (jago) kedemenane. mula terus ditakoni apa sabenere sing kedadean nang si Joko Lancur.
akhire si Joko Lancur ngaku apa sabenere sing kedadean. Joko Lancur ngantekne marang sang bapak menawa awake lagi kasmaran nang sawong wedok sing ayujelita dadi pujaane yaiku si Mirah Putri Ayu, Putri saka Ki Ageng Mirah. krungu apa sing dialami puterane kaget banget Ki Ageng Honggolono. amarga JokoLancur siji-sijine putra sing didemenane, mula ora rumangsa kabotan apa sing dadi kekarepan puterane kuwi. cepeta Ki Ageng Honggolono ngongkonke salah sawong muride kanggo nglamar si Mirah Putri Ayu, putriKi Ageng Mirah.
mangkata kongkonan saka Ki Ageng Honggolono nuju Mirah kanggo nglamar si Mirah Putri Ayu. ketekan kongkonan saka Ki Ageng Honggolono disambut karo rai sing bungah saka Ki Ageng Mirah, sanajan jero benak atine orasudi nduweni calon mantu sawong pamain adu pitik. Ki AgengMirah karo cara sing lembut ben ora njojoh pangrasa keluarga Ki AgengHonggolono mawa ora nimbulke pertikaian neng banjur dina, mula lamaransi Joko Lancur katampa ning karo syarat utawa serahan sing kudu dikebaki saka keluarga Ki Ageng Honggolono, ana dene syarat sing kudu dikebaki antarane yaiku :
1. supaya digawekne bendungan kali kanggo mbanyoni pasawahan neng Mirah
2. Serahan ngrupa pari saklumbung sing ora oleh diterna sapa-sapa, artine lumbung kuwi kudu bisa mlaku dhewe.
kuwi siasat Ki Ageng Mirah, supaya kanggo murungake lamaran si Joko Lancur.
Ki Ageng Honggolono karo rai sing garang lan karo terkekeh-kekeh sakwise krungu laporan saka kongkonane, Ki Ageng Honggolono tetap ngiyani apa singdipersyaratke saka Ki Ageng Mirah.
karo kasaguhane Ki Ageng Honggolono kanggo ngebaki persyaratan kesebut, pangrasa Ki Ageng Mirah rumangsa kuwatir lan wedi, aja-aja mengko Ki AgengHonggolono bisa ngebaki persyaratane kuwi. lan kanggo ngantisipasi iku Ki ageng Mirah ngupadi kanggo murungake panggawen bendunganmawa pangumpulan pari-pari sing dilakoke saka Ki ageng Honggolono kanggo ngisi lumbung.
Sawetara Ki Ageng Honggolono ngupadi atos, karo bantuan para murid-muride nggawe bendungan mawa ngumpulake pari sing akeh banget kanggo ngisi lumbung. Berkat kerja atose mula apa sing dilakoke Ki AgengHonggolono jero wayah sing singkat nyedhaki kedadeyanan. panggawenbendungan mlaku terus, mangkana uga pangumpulan pari uga lancar.
kabeh sing dipersyaratkan saka Ki Ageng Mirah dadi serahan wis dijagakne kene,Ki Ageng Honggolono nyabda lumbung sing isi pari kanggo mangkat dhewe, mula mangkata iring-iringan calon mempelai lanang, yaiku si JokoLancur putra Ki Ageng Honggolono sing dimeloni uga saka para murid-muride nuju Mirah.
Awal ketekan calon mempelai lanang beserta para pamelune disambut becik saka Ki Ageng Mirah. ning Ki Ageng Mirah uga dudu wong sembarangan,dheweke uga nduweni kesaktian elmu sing dhuwur banget. apa sing sabenere kedadean, Ki Ageng Mirah ndeleng dhewe anane lumbung sing berisi kebak pari bisa mlaku dhewe, ning sabenere isine dudu pari sing sayekti, ning ngrupa damen lan titen
karo ndeleng hal kesebut, neng adhepan para murid-muride, lan paradhayoh, Ki Ageng Mirah nyabda, “ Hei konco-konco kabeh, titenono ngisor,wigatekno ndhuwur” , karo sabdakesebut, sing semula isi lumbung ngrupa pari karo saknalika ngowah dadijerami lan lulang dhele.
karo anane kadadean iki mula Ki Ageng Honggolono nesu sing linuwih, amarga rencana perkimpoian puterane si Joko Lancur karo si Mirah Putri Ayu wurung. mula kedadeana perang cangkem antara Ki Ageng Mirah sak pamelune, karo Ki Ageng Honggolono sak pamelune. dudu mung percekcokan wae ning nganti gugat fisik lan gugat kesaktian.
neng wektu peperangan kuwi kedadean, si Joko Lancur nggoleki sang kasihe siMirah Putri Ayu sing ayu jelita, amarga ora kuwawa nguwawa asmaranya, ning neng walik kuwi dekne kabeh ngerti kabeh kadadean sing kedadean. amarga kewurungan demene dekne kabeh ngloro njupuk keputusan kanggo lampusawak (pateni awak e dewe).
isih barengan kedadeane peperangan, bendungan sing digawe saka ewon bajulambrol, mula kedadeana banjir utawa banjir bandang sing banget dahsyat.ewon manusia hanyut kegawa arus banyu, sing nyebabke  bencana sing linuwih neng endi-endi mayit, glimpangan ambune banget njojoh irung.
bubar peperangan Ki Ageng Honggolono ndina-dina nggoleki putrakedemenane si Joko Lancur. jero panggolekane Ki Ageng Honggolono karo pangrasa duka sing njero amarga putra kedemenane neng kengerteni wistewas bareng kasihe si Mirah Putri Ayu lan pitik (jago) kademenane. kapindhojasadnya sapasang kasih banjur dikuburanke bareng karo pitik (jago)kademenane. sing akhire kuburan kuwi diwenehi jeneng kuburan SetonoWungu.
nggatekake saka kabeh kadadean sing wis bubar, neng adhepan para murid-muride utawa pamelune sing isih urip, Ki Ageng Honggolon nyabda, yoiku:
1. wongGolan lan Mirah sak keturunane ora oleh dijodohke
2. Isen-isene ndonyo soko Golan kang wujude kayu, watu, banyu lan sak panunggalane ora biso digowo menyang Mirah
3. Barang-barange wong Golan lan Mirah ora biso diwor dadi siji
4. Wong Golan ora saka gawe iyup-iyup soko kawul
5. Wong Mirah ora bisa nandur, nyimpen, lan gawe panganan soko dele.

http//wwwkaskuscoid/thread/5111c6597d1243c404000009/legenda-asli-ponorogo-quot-desa-golan-lan-mirah-quot 19/12/2013 jam 04;20

                                                                                           

Telu Karyane Poerwadhie Atmodihardjo

Tiga Karya Poerwadhie Atmodihardjo: Ibu, Gumuk Sandhi, dan Udan Grimis
Oleh: Ririn Istiqfarini, Ita Lusiana, dan Anastasya Yuni Anindita
Latar Belakang
Poerwadhi Atmodihardjo miyos sasi juni taun 1919 ing paron, Ngawi. Kapundhut marak ing ngarsane Gusti tanggal 28 Oktober 1989 ing Semarang. Poerwadhie Atmodihardjo nate dadi pegawe ing sawetara jawatan/dinas, redaktur sawetara kalawarta basa Jawa, sastrawan Jawa. Ing kalangan sastra Jawa, Poerwadhie nduweni sawetara sesinglon: Mbah Poer, Habramarkata, Abang Istar, Satriya Paranggelung, Harga Lawu, Sri Ningsih, Prabasari Laharjingga.
         Poerwadhie sekolah ing HIS Ngawi, dibacutake nyang Openbare MULO School Madiun, terus Particuliere Algemeene Middelbare School ing solo. Najan ora rampung sekolah ing solo, nanging Poerwadhie dipercaya dening sawijining wong Wlanda dadi tur mimpin sekolah swasta anyar ing Paron, Ngawi, sing diedegake wong Walanda mau.
            Poerwadhie sawijining janma kang mardika, bebas, ora gelem direh sapa bae. Marga saka iku, ing babagan pegaweyan dheweke ora pati jenak, seneng pindah-pindah gaweyan lan panggonan. Mula ora aneh yen piyambake nate dadi guru, pagawe ing kantor jawatan irigasi, juru ukur tanah. Malah nate uga dadi tentara (TKR) kanthi pangkat Letnan Satu (Oktober 1945), metu taun 1949 terus dadi pegawe ing Dinas Bangunan Tentara. Uga ora aneh yen Poerwadhi tau dadi redaktur ing sawetara kalawarta basa Jawa, kaya ne Jaya Baya, Panjebar Semangat, Crita Cekak (CC), lan Gotong Royong, Mekar Sari. Pungkasane, piyambake dadi sastrawan Jawa sing pancen “mardika”.
Panjenengan e kalebu s salah sijine pengarang jawa gagrak anyar sing maju gagasane. Karya-karyane meneka genre/ jinis (guritan, cerkak, cerbung/novel, esai, lsp) lan wus dipacak ing hudyana-hudyana basa jawa wiwit taun 1950-an nganti taun 1990-an. Ing jagad sastra Jawa, Poerwadhi akeh ngripta karya sastra. Sing awujud cerkak biasane kaemot ing kalawarta-kalawarta mau (1944 nganti 1981). Saliyane iku, piyambake uga ngarang novel sing uga diemot ing kono, antarane Gumuk Sandhi (1963/1965) wis dicethak dadi buku (1963/1965) lan saiki dicethak maneh dening Penerbit Kiblat Buku Utama Bangdung (2011), “Suwung Plung” (1968), “Kumandhanging Asmara” (1956-1957) “Tumiyunge Ati Mulus” (1968), lan “Gumerite Rodha Revolusi” (1972). Sing awujud roman sejarah, upamane “Ki Derpayuda” lan “Sing Menang ing Pucuking Kanisthan.”
Pembahasan
1.      Udan Grimis
Ringkesan
Ing novel menika nyariosaken setunggal tiyang duda nama Ruwija, ingkang gadhah putra setunggal jaler nama Lukita. Ruwija pindhah saking kutha aslinipun Kendhal menyang Kampung Bodri. Dheweke manggen ing griyanipun Bu Tjarik manten ingkang boten dingge lan rada adoh saking karamean. Ruwija menika pagaweanipun juru ukur lan asring dhines wonten ing luar kota. Putranipun asring dipuntilar lan dititipaken dhateng Bu Tjarik.
Nalika dheweke bali saking dhines, dheweke dipunpasrahi nggambar kanggo pangesahan konperensi opseter ing Semarang. Ruwija menika lagi bali saking dhines dinten Djumuwah lan gambaranipun kedah rampung dinten Senen esuk. Wengi kang sepisan Ruwija nglembur nganti jam sewelas dalu. Terus dinten-dinten saklanjengipun dheweke ugi nglembur, ananging tetep disambi kaliyan ngrumati putranipun ingkang namung setunggal menika.
Yen wanci dhahar esuk, awan lan sore wonten ingkang ngeteri dhaharan inggih menika Rambijah, anake Bu Tjarik. Pancen Ruwija menika sampun masrahake bab dhaharan marang Bu Tjarik lan Ruwija mbayar saben sasi. Rambijah ugi asring momong Lukita, dheweke sampun nganggep Lukita menika putranipun piyambak.
Nalika wengi sinambi ngrampungaken gambarane, Ruwija mikir yen dheweke kudu golek gantine Sundari Ibune Lukita kanggo ngrumat Ruwija lan Lukita. Wanci dinten Senen esuk gambaranipun Ruwija sampun rampung. Dinten menika udan grimis awit esuk, Rambijah nyaosaken dhaharan kanthi kudhungan tampah. Dheweke rumangsa seneng menawi dikongkon ngeterke dhaharan menyang griyanipun Ruwija.
Pranyata dheweke ugi anggadhahi rasa tresna marang Ruwija. Esuk iku pungkasane tiyang kalih kang lagi nandang katresnan lan padha-padha senenge. Ruwija ngomong marang Rambijah yen mengko sore arep sowan marang Ibune Rambijah lan arep nembung Rambijah marang Ibune.

Aspek ingkang menonjol saking novel “Udan Grimis” menika yaiku babagan aluripun. Ing novel menika aluripun mboten pasti. Aluripun unik, menika ingkang khas saking pengarang menika. Ing bab setunggal nyariosaken lakone Ruwija ing kahanan wayah sakniki tapi ing paragraf sakngisore lajeng nyariosaken kahanan jaman rumiyin. Lajeng ing bab gangsal nglajengaken cerita jaman rumiyin ing bab setunggal kalawau. Lan ing bab saklajengipun nyariosaken lanjutan cerita ing kahanan wektu sakniki malih.
2.      Gumuk Sandhi
Ringkesan
Novel “Gumuk Sandhi” nyeritakake bab kaluwarga kang dumadi saka pasangan jalu lan wanita kang disalirani dening paraga telu yaiku Prawita, Sudira lan Marsini kang mbiyen ne nduweni jujulukan SMP kang jaman semono, dening bebrayan umum dianggep lan diakoni dadi sawijining trimurti kang lulumban kanggo kaperluwane masyarakat.
            Antarane Prawita, Marsini lan Sudira nduweni masalah kang gedhe banget. Mbiyen, antarane Marsini lan Sudira pada-pada nduweni rasa tresna kang akhire ndadekake Marsini kudu ngandheg winihe Sudira. Amarga Sudira iku keturunan kraton, lan Marsini dudu keturunan kraton, wong tuwane Sudira ora setuju menawa Sudira bebojoan karo Marsini lan ngakon Sudira lunga saka Paron. Sak durunge lunga, Sudira mara ning omahe Prawita njaluk tulung supaya Prawita dadi sisihane Marsini. Banjur Prawita, Marsini lan Sudira pada rerembugan lan gawe perjanjian yaiku : Prawita sing bakal ngentas lelakon sing lagi mbekani nalar kanthi bakal urip bebarengan karo marsini, sarwana bojo sah ing dalem makna hukum, ananging mung minangka jonggol  utawi “Jaga Malam” ing dalam makna budi.
Sudira uga janji menawa ndheweke  bakal bali marang Marsini, nanging nganti 4 taun suwene, Sudira ora bali-bali, nganti Prawita mara ing omahe Sudira sing saiki yaiku ing Kendal. Sudira uga ganti jeneng dadi Ruwiya.
Kanthi ngajak Lukita anake Marsini karo Sudira, Prawita ngandharaken bab masalahe kang durung rampung-rampung antarane Prawita, Marsini lan Sudira. Akhire, Sudira ngomong menawa dheweke tetep ora bisa bali marang Marsini, lan wis masrahake Marsini marang Prawita. Sudira uga gawe sumpah : menawa dheweke ora niyat golek sisihan lan urip muhun kanggo njagani gedhening anake Lukita. Let setaun Marsini nglairake anak lanang jujuluk Rinta Alwi.

Aspek ingkang menonjol saking novel Gumuk Sndhi yaiku Alur. Novel menika mboten kawiwitan saking ngajeng, ananing saking tengah. Pambukane diwiwti saka Prawita kang uwis weruh panggonane Sudira lan kepengen cerita marang Marsini, sak bubare kuwi Prawita lan Marsini golek informarsi babagan Sudira. Ing bab 1 ngantos bab 8 alure taksih runtut. Ananing ing bab 9 lan bab 10 alure ganti dadi alur mundur nyeritakake wektu Prawita, Marsini lan Sudira isih enom kang pada kekancan apik-apik durung ana masalah. Ing kono uga diceritake  awal mulane masalah, nganti Sudira kudu, lunga saka Paron. Banjur ing bab 11 ngantos 14 (tamat) alure bali maneh nutukake ceritane ing bab 8.
3. Ibu
Ringkesan
Novel iki nyaritakake lelakon uripe Prawita sing nduweni kaluarga kang cumpen (sarwa kekurangan). Sing ndisike anake wong sugih, nduweni pangkat lan drajat, saiki urip sarwa kekurangan. Ananging, senajan Prawita iku wong ora nduwe, tapi uripe iseh ayem.
       Deweke nduweni anak papat sasuwene gandeng karo Minarni (bojone). Minarni nduweni sifat sing apik, deweke ora nuntut Prawita sing luwih-luwih, Minarni iku wanita kang trima ing pandum, lan sabar narima apa sing ana ing kahanane Prawita. Najan Prawita iku wong bodo lan wong ora nduwe, banjur Minarni iseh gelem narima Prawita.
       Prawita iku sebenere anake wong sugih, nanging amarga deweke bodho lan ora gelem di jodohake karo wong tuane, deweke milih minggat saka omahe, amarga deweke wis nduweni trisna marang Minarni. Banjur kanggo nguripi panguripane lan kanggo modal nglamar Minarni, Prawita nyambut gawe seanane.
Prawita sing kerjanane amung dadi tukang jahit ing pasar iku iseh nduweni rasa urip kang ayem lan tentrem, amarga ing kono, kabeh isa narima ing pandum. Prawita lan kaluwargane iso urip saka pakaryane jahit ing pasar.
       Ing sawijining dina, Prawita sowan ing omahe ibune, nanging ing kana deweke ora wani suwe-suwe amarga kangmase ora gelem narima deweke sowan. Deweke di anggep wis dudu kaluwargane maneh, amarga deweke minggat saka omah lan ora gelem nuruti apa sing di karepake bapake.
       Nganti bapake wis seda wae, Prawita iseh ora oleh sowan ing ngomahe ibune. Ananging ibune iseh tetep narima Prawita sing saiki, dadine Prawita iseh kerep mara sowan ing ngomahe ibune yen kangmase lagi ora ana ngomah.
Wektu Prawita mara ing omahe ibune, deweke ngajak anake sing cilik dewe lanang, jenenge Lukita. Tekane Prawita amung gawe bungahe atine si ibu. Amarga ibune bisa ndeleng putu wayahe, amarga kangmase Prawita sing jenenge Pramana ora duwe anak.
Pramana bali ngomah, ketemu Prawita, banjur langsung ngunen-nguneni Prawita. Ingkene ibu dadi penengah kang ora belani salah sijine, tapi ibu iku adil lan mangerteni keadaane Prawita. Sawise di omongi apik-apikan karo ibu, Pramana lan Prawita banjur akur maneh, terus sakaluwarga iki mau sowan ing ngomahe Minarni sakaluwarga.

aspek ingkang menonjol saking carita kala wau inggih menika, anggenipun pengarang babaraken carita menika sampun gamblang. Pengarang menika nyariosaken anggenipun Prawita nglampahi urip kang saka sugih dadi wong mlarat. Prawita tetep kuat nglakoni uripe, dene deweke wis ora di anggep kaluwarga maneh marang bapak lan kang mase, ananging ibune iseh tetep tresna marang Prawita amarga pancen dalan sing di pilih Prawita iku dalan kang cocok karo opo sing dikarepake Prawita dewe.


Simpulan 
Alur cerita ing novel karyanipun Mbah Poerwadhie Atmodihardjo menika anggadhahi alur ingkang unik. Alur ceritanipun boten pasti, pergantian cerita jaman rumiyin kalih jaman sakniki boten wonten batesipun. Ing 3 novel ingkang dirembag kaliyan kelompok menika anggadhahi alur ingkang khas. Kajaba niku, ciri khas novel karanganipun Mbah Poerwadhie yaiku nggadhahi tema kulwarga. Tiga-tigane wonten salah satunggaling tokoh ingkang sami namanipun yaiku ing novel Ibu wonten tokoh kang namanipun Prawita ingkang sami kaliyan nama tokoh ing novel Gumuk Sandhi. Lajeng ing novel Udan Grimis wonten tokoh Ruwija kang wonten ing novel Gumuk Sandhi. Kajaba iku wonten tokoh Lukita ingkang wonten ing 3 novel karangan Mbah Poer menika, lan tokoh Lukita menika nggadhahi peran ingkang sami, inggih menika dados anak.

Rujukan
Atmodihardjo, Poerwadhie. . Udan Grimis. Semarang: CV Keng
Atmodihardjo, Poerwadhie. 1963. Gumuk Sandhi. Semarang: CV Keng
Atmodihardjo, Poerwadhie. 2013. Ibu. Semarang: Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ)

Imam Budi Utomo, dkk. 2002. Eskapisme Satra Jawa. Yogyakarta: Gama Media

KIDUNG SUKMA ASMARA

KIDUNG SUKMA ASMARA DENING TULUS SETIYADI

Judul                           : KIDUNG SUKMA ASMARA
Panyerat                     : Tulus Setiyadi
Penerbit                      : PTJ Publishing
Tahun terbit               : 2013
Jumlah halaman       : 57 Halaman

Buku iki isine kumpulan geguritan karya-karyane Tulus Setiyadi kang temane rata-rata ngrembag babagan asmara. Buku iki kacithak kanthi beda karo buku-buku biasane, buku iki halaman nomer sijine ana ing buri, dadine para pamaos kedah maos saking wingking rumiyin.
Ing jero buku iki ana kurang luwih ana 49 geguritan, judule yoiku; Niat Adus, Kedanan Wanodya, Wanita Ayu Ing Tengah Wengi, Lingga Asmara, Aji Jamput Jaran, Kidung Sukma Asmara, Dimen Rukun, Nafsu Asmara, Si Kidang Tlangkas, Eling Kodratira, Umpama Nemu Bejo, Ngesir Kenya, Kijenan, Sukma Rasa Asmara, Puji Asmara, Rasa Wicara, Nyuwun Derajat, Medhit, Pupur Kencana, Rembulan Wengi, Byar Pet, Jangkaning Nagari, Nyuwun Pangaksama, Diancang Asmara, Mekaring Asmara, Jagade Katresnan, Asu, Rasa Asmara, Sembukan, Kidung Asmara, Lelakone Asmara, Sumendhe Ngersaning Gusti, Donga Karaharjan, Marganing Asmara, Arak-Arak Setan, Setan Coklat, Tiba Keplenthang, Sang Abagus, Kangen, Sang Dewi, Pesthine Gusti, Sepi, Gurit Wengi, Pepujaning Ati, Kidung Sore, Gurit Katresnan, Wengi Leliyepan, Nunggu Wangsulan, lan Anggayuh Sedya.
Geguritan sing ana ing buku iki, bahasane kepenak kanggo mahamine. Ing kene geguritane ora mung ngrembag babagan asmaara blaka nanging ngrembag liyane barang. Buku iki geguritane ora patia dawa-dawa kaya geguritan-geguritan sing nduweni tingkat pemahaman sing  duwur. Geguritan iki kalebu jenis geguritan sing gampang kanggo di pahami para pamaos.
Ing buku iki sing kalebu gurit asmara ana akeh banget, kayata; Kedanan Wanodya, Wanita Ayu Ing Tengah Wengi, Lingga Asmara, Kidung Sukma Asmara, Dimen Rukun, Nafsu Asmara, Si Kidang Tlangkas, Upama Nemu Beja, Ngesir Kenya, Kijenan, Sukma Rasa Asmara, Puji Asmara, Rasa Wicara, Pupur Kencana, Rembulan Wengi, Byar Pet, Nyuwun Pangaksama, Diancang Asmara, Mekaring Asmara, Jagade Katresnan, Rasa Asmara, Kidung Asmara, Lelakone Asmara, Marganing Asmara, Tiba Keplenthang, Sang Abagus, Kangen, Sang Dewi, Pesthine Gusti, Sepi, Gurit Wengi, Pepujaning Ati, Kidung Sore, Gurit Katresnan, Wengi Leliyepan, Nunggu Wangsulan, lan Anggayuh Sedya.
Saka akehing geguritan sing temane asmara iki, akeh-akeh isine ngrembag babagan asmara sing ngarep-arep asmarane kuwi bakal kewales. Ananging ana uga sing isine galau gara-gara lara ati, asmarane ora keturutan. Nanging ana uga sing isine kuwi wis teka mulyane wong kang lagi kasmaran.
Sakliyane kuwi ana gurit sing temane dudu asmara, kayata;
1. Niat Adusiki temane kaya niatan-niatan utawa donga-donga.
2. Aji Jamput Jaran iki isine kaya deskripsi wong sing lagi arep menehi donga marang bocah cilik sing di bebulake lewat embun-embun, nanging ana kewan cilik sing jenenge pinjal mencolot mlebu irunge sing arep nyebul embun-embun kuwi mau, banjur wonge dangap-dangap wahing-wahing.
3. Eling Kodratira iki isine babagan pitutur supaya kita ora sombong dumeh kita wong sing kagungan pangkat lan drajat.
4. Nyuwun Derajat  iki isine ngrembag babagan panyuwunan kang bisa kalebu panyuwunan kang serakah, amarga ing kene iki isine mung panyuwunan kanggo ing ndonya tok, kesane mung urip ing ndonya.
5. Medhit iki isine kaya mung kanggo ngeceni wong-wong sing kebetulan medhit, ungkapan kanggo para tiyang ingkan medhit-medhit menika.
6. Jangkaning Nagari iki isine nasehat yen manungsa kuwi ana sing mlenceng saka ngarsane Gusti bakale cilaka.
7. Asu ki isine ungkapan sinh ala ngenani asu la nana deskripsine babagan asu.
8. Sembukan iki isine deskripsi saka tanduran sembukan, lan fungsine kanggo apa wae.
9. Sumendhe Ngersaning Gustiiki isine donga-dongane wong kang pasrah dening urip kang wis diwenehake dening Gusti kang murbeng dumadi.
10. Donga Karaharjan iki isine donga kanggo keslametane kaluwargane.
11. Arak-Arak Setan lan Setan Coklat iki isine padha, isine deskripsi kahanan sing ana ing sekitare kana.
Buku kang kacithak nganggo kertas sing rupane coklat kaya kertas buku-buku jaman ndisik iki, ndadekake para pamaos ngira yen buku iki cithakan lawas, jan-jane buku iki kacithak lagi wae, kacithak lagi ing awal taun 2013, dadi geguritan iki ya termasuke isih anyar.
Panyerat nulis geguritan iki kaya nulis cerkak, nanging mung sederhana banget. Amarga kata-katane kuwi kaya kata-kata sing dingo ing akeh buku-buku cerita.
Buku iki cithakan hurupe  rada ora genah, amarga kertase coklat, tulisane dadi rada mblawur, perpaduan tinta irenge karo warna kertase menawa di sawang sebagian ana sing cetha, sing sebagian ana sing ilang hurupe.
      Saka judule buku iki, tak kira isine mung geguritan asmara blaka, tebeke isine iseh ana sing ngrembag babagan liyane asmara. Yo jane sing dudu asmara kuwi ora masalah dolebokake ing buku, nanging luwih apik yen sing ora nyinggung babagan asmara di gawekake buku maneh.
      Mumpung eling babagan judul buku iki, Kidung Sukma Asmara apa para pamaos ngerti yen iki buku geguritan? Apa pamaos ora bingung sadurunge? Iki buku kumpulan geguritan, apa buku cerita, apa buku sakliyane lah. Piye olehe pamaos ngerti yen buku iki isine geguritan. Ya kudune ing ngarep di wenehi judul sisan ngenani iki lo Antologi geguritan utawa kumpulan geguritan. Ora kaya iki ngerti-ngerti isine geguritan.

      Menawa buku iki di cithak nganggo kertas sing apik mungkin bisa luwih katon enak menawa didelok. Lan maneh bisa payu ing pasaran.

PINESTHI

PINESTHI DENING R. NGT. SUISDIYANTI SARMO

Judul                           : PINESTHI
Panyerat                     : R. Ngt. Suisdiyanti Sarmo
Penerbit                      : Azzagrafika
Tahun terbit               : 2013
Jumlah halaman       : 68 Halaman

Ing novel iki kapecah ana sangang judul sing iseh sambung sinambung antara judul siji lan sijine. Judul e yoiku; Pasinaon, Sujana, Raket, Pacangan, Kuwur, Bocah Lola, Nglamar, Dipingit, Pinesthi.
      Ing sub judul Pasinaon iki isine pendahuluan, ing kene isine tentang pengenalan tokoh-tokoh sing bersangkutan ing cerita iki. Tokoh e ana Tanti sing dadi tokoh utamane. Tanti kuwi bocah wadon kang ayu lan ora mbedak-mbedakake kanca, dheweke ing kene nduweni kelompok belajar sing anggotane ana telung uwong yokuwi Tanti, Hartono lan Kusno.
      Olehe Tanti belajar kelompok karo kanca-kancane nganti wengi-wengi. Saengga ibune Tanti oleh laporan yen olehe Tanti belajar kelompokan mung boncengan mrana-mrene ora sinau. Ananging ibune Tanti iseh percaya marang Tanti, amarga ora mungkin Tanti ngapusi.
      Dene sub judul Sujana iki isine babagan olehe Tanti mikirake kedadean sing wis kalampahan dening Tanti lan kanca-kancane kelompokan, nganti Tanti ora bisa turu angler. Tanti tansah mikir banget kedadean ing sekolahane kuwi, Pak Kus kancane Tantri kelompokan among bisa ngakon supaya Tanti ora mikir banget kedaean kuwi mau.
      Ing sub judul Raket, nyariosaken babagan anggenipun Tanti lan Pak Kus kekancan dadi tan saya raket amarga anane masalah kuwi mau. Saben-saben arep budhal sekolah Pak Kus ngampiri Tanti guna budhal bareng.
      Sore kuwi langite peteng ndhedhet, Tanti lan Pak Kus bali saka sekolahn ananging ing kono udan deres banget. Saengga Pak Kus lan Tanti ngeyub ana ing Pom bensin. Ing kono akeh sing padha ngeyub, termasuk e ya Tanti lan Pak Kus kuwi.
      Awane  Pak Kus ora ngampiri Tanti kanggo mangkat bareng, amarga Pak Kus masuk angina dadine Tanti budhal dhewe. Pak Kus njaluk ngapura marang Tanti, Tanti yo nglumrahake. Banjur Pak Kus ngajak Tanti melu menyang Clereng, amarga libur tanggal abang iki kanca-kancane padha ngajak dolan menyang kana. tanti gelem-gelem wae di ajaki.
      Tekan kana Tanti tepar, Pak Kus njaluk tulung menyang Simbok bakul dhawet supaya ngeserake balsem ing gegere Tanti. Jebul Tanti masuk angin. Pas wayahe arp padha bali, akeh sing padha mampir menyang pasar saperlu kanggo tuku oleh-oleh. Nanging Tanti ora melu menyang pasar amarga Tanti bar tepar karo maneh dheweke di penging menyang pasar karo Pak Kus.
      Sawise tekan ngomah, Tanti dipasrahake menyang simboke, amarga ibune ora ana ing ngomah. Tanti langsung adus lan turu ing kamare.
      Ing sub judul Pacangan, Tanti di jodohake karo kancane bapake, lan Tanti uga di jodohake karo bocah Bantul dening ibune, najan Tanti dhewe yaw is nduwe sir-siran dhewe, ananging Tanti bingung kudu kepriye. Najan atine Tanti kanggo Pak Kus. Tanti arep nolak wedi yen bapake gerahe kambuh, nanging nek ora nolak Tanti bakale tekanan batin.
      Anggone Tanti mikir masalah iki ndadhekake Tanti lara, limang dina Tanti di rawat ing Rumah Sakit. Pak Kus sing asring nunggu Tanti. Nganti Pak Kus ora semangat mlebu sekolah amarga ora ana Tanti ing sekolahan.
      Tanti curhat karo Pak Kus yen dheweke di jodohake, nanging dheweke ora kepengin di jodohake ngono kuwi. Pak Kus melu ngrasakake apa sing lagi di rasakake Tanti abot kanggo di piker dhewe. Mula saka kuwi Pak Kus saguh ngrewangi Tanti.
      Ing kene Tanti lan Pak Kus padha-padha nduweni rasa tresna nanging padha-padha ora wani kanggo ngomongake. Pak Kus rasane abot arep ninggalake Tanti dhewekan ana ing rumah sakit. Gelem ora gelem Pak Kus kedah ninggalake Tanti dhewekan ana ing Rumah Sakit amarga Pak Kus kudu mangkat sekolah.
      Sub judul Kuwur, nyeritakake babagan bapake Tanti gerahe kambuh lan kedah langsung di gawa menyang rumah sakit. Nanging ing wayah wengi-wengi Tanti bingung arep gawa bapake menyang rumah sakit karo sapa, untunge Pak Kus iseh ana ing omahe Tanti, dadine Pak Kus sing ngewangi Tanti gawa bapake menyang rumah sakit.
      Ing rumah sakit Tanti mung bisa nangis sesenggukan. Dheweke ora kuwat ndeleng bapake sing lagi kaya mengkono. Pak Kus ngomongi Tanti supaya aja nangis wae, nanging Tanti iseh nangis wae. Pak Kus ngomong menyang Tanti nek Tanti ora gelem meneng arep di tinggal bali, Tantri malah tan saya seru olehe nagis karo ngomong aja ditinggal bali. Pak Kus banjur ngomong nek gak gelem di tinggal bali nangise uwis. Tanti meneng lan nunggu bapake ana ing ruang tunggu karo sedhilit-sedhilit mak pet mripate.
      Tanti dikon turu dening Pak Kus, amarga Pak Kus ngerti yen Tanti lagi ngantuk banget. Pak Kus nunggoni Tanti lan bapake Tanti, olehe Pak kus nunggoni Tanti di jaga kanthi temenan. Pak kus ndeleng Tanti rasane ayem banget.
      Pak Hadi wis saya sehat awake, banjur mulih menyang omahe, nanging sadurunge Pak Hadi bali, wonge nakoni Tanti kepiye karo sing ditawakake bapake wingi-wingi kae. Tanti bingung olehe arep mangsuli, Tanti wedi yen bapake gerah maneh. Nanging Tanti ya kudu ngomongake apa anane supaya ora lara ati. Tanti ngomong nyang bapake menawa dheweke ora seneng, dheweke iseh wedi lan dheweke iseh arep ujian dadine Tanti emoh. Tanti ngmong karo nangis sesenggukan.
      Banjur Pak Hadi ngomongi Tanti, yen Tanti emoh dipernahne bapake ora papa sing penting mengko aja nganti entuk wong ndeso.
      Ing sub judul Bocah Lola, nyeritakake kahanae Tanti sing ditinggal seda bapake. Tanti sedih banget, nganti bola bali semaput. Tanti ora kuwad ditinggalake bapake. Tanti sing anak ragil ndadekake Tanti mikir sakabehane amarga kangmase Tanti sekolah ana ing Malang, dene mbakyune mentas babaran kamangka kanggo sesambungan telegram rada angel amarga ana ing pelosok desa.
      Ing sub judul Nglamar, iki nyaritakake kahanane Pak kus sing ngomongake yen dheweke saguh dadi bapak lan saguh dadi sisihane Tanti, dheweke bakal ngemong Tanti. Tanti mangsuli kanthi isin-isin seneng. Saben-saben Tanti cedhak karo Pak Kus, Tanti ngrasane ayem banget kaya ana sing ngayomi. Pak Kus ngomong karo ibune Tanti yen bakale arep nglamar Tanti kanggo dadi sisihane.
      Ing sub judul Dipingit, iki nyaritakake Tanti sing wis sah dadi tunangane Pak Kus, Tanti nganggo ali-ali sing njerone ana tulisane Kusno Atmaja, dene ali-aline Pak Kus ana tulisane Tanti Anggraeni. Tangga teparo wis padha ngerti yen Tanti wus dadi tunangane Pak Kus.
      Rongsasi wis olehe Tanti lan Pak Kus tunangan. Nganti ing dina iki Pak Kus lan Tanti di omongi ibune Tanti yen Tanti kudu mara menyang gone pakdhene suwene telung sasi. Tanti lan Pak Kus rembugan babagan sing diaturake ibune mau. Pak Kus ngmong ora papa pisahan adoh, anggere Tanti bisa dipercayakasetyane lan maneh rong minggu pisan Pak Kus bakal tilik menyang omahe pakdhe. Banjur Pak Kus ngajak dolan Tanti menyang Slarong.
      Janjian jam 10 esuk, nanging jam 9.35 Pak Kus wus ngampiri Tanti. wong loro padha janjian dolan ora mangkat sekolah.
      Ing sub judul Pinesthi, iki nyaritakake Tanti sasuwene ing omahe pakdhene, telung sasi sadurunge ijab sah. Mangkat di eterake dening ibune lan calon sisihane yoiku Pak Kus. Ing omahe Pakdhe Tanti atine krasa kesepian.
      Ing omahe pakdhe, Tanti di senengi dening Mas Harno, Mas Harno asring kirim laying kanggo Tanti nanging Tanti jarang balesi layange. Mas Harno kuwi anake mbakyune bojone pakdhe
      Mas Harno menehi ngerti Tanti yen mase Tanti sing jenenge Eko jarene arep nanggone paklik Sena. Dheweke kepengin ketemu Tanti lan arep kenalan karo calon garwane. Yen wis kenal arep diadang neng ndalan, arep dipateni ben ora bisa ngepek Tanti.
      Ora krasa wis rong sasi ing gone pakdhe, Tanti diajak ibune menyang gone mbakyune kanggo ngamanake Tanti lan calone. Ing gone mbakyune uga ana sing ngesir Tanti. trah dasare wong ayu neng ngendi-ngendi papane mesthi enek sing ngesir. Tanti disir dening kancane Dewa. Nanging Dewa yaw is menehi weruh yen Tanti kuwi wis arep nikhan seminggu maneh. Mula kancane Dewa mundur kanthi ikhlas.
      Esuke, Tanti lan sedulur-sedulure kabeh padha mangkat menyang gone pakdhe. Bareng tekan gone pakdhe, pacangan wus komplit. Tanti ngrewangi budhe nata uba rampe ana ing njero. Kamar penganten ditata lan dirias miturut selerane Tanti dhewe.
      Pener jam siji awan Tanti lan Pak Kus sida diijabake ing daleme pakdhe. Ijab Kabul wis di ucapake kanthi lancer. Tanti wis sah dadi sisihane Pak Kus.
Kuwi mau kira-kira gampangane cerita sing ana ing saben-saben bab ing njero buku iki. Najan cerita keseluruhane kuwi intine nyeritakake Tanti lan Pak Kus sing padha-padha nduweni rasa tresna, saka ora wani ngomongake nganti tekane Tanti lan Pak Kus nikahan.
 Ing buku iki nganggo basa sing kepenak kanggo mahamine. Nanging kadhang ana bahasa sing tak kira ora nyambung ing kono. Kayata pas Pak Kus omong-omongan karo Tanti. tak kira sing ngomong Tanti, jebul sing ngomong Pak Kus. Terus tak kira sing ngomong Pak Kus jebul sing ngomong Tanti.
Cerita iki migunakake alur maju, amarga ing kene ora ana sing nyaritakake kahana sing mbalik ning jaman ndhisik. Dene latar saben-saben panggonane di jlentrehake kanthi jelas.
Saka novel iki aku bisa jupuk kesimpulan, kang bisa ditiru nganggo referensi uripe dhewe, yokuwi;
1. Kekancan kuwi aja pilih-pilih, supaya bisa nduweni kanca sing akeh tur ora dikira sombong opo kepriye ngono.
2. Nek sekolah kuwi paling penak nek sinaune disangga bareng, kaya ing kene sinau kelompok.
3. Bekti marang wong tua.
4. Jujur lan wani tanggung jawab.
5. Njaga kasetyan kang wis diwienehake dening uwong.
6. Menawa nglakoni hubungan kuwi sing serius aja dinggo dolanan. Supaya mbesuke bisa kaya uripe Tanti lan Pak Kus. Sesandhingan kanti sah.