Anastasia Yuni Anindita
Asal-usul
dimadining desa Langsur wiwt jaman kerajaan Mataram. Sing kuasa Siniwun
Pakubuwana kaping V nalika jumeneng nata wonten ing praja kraton Surakarta
(Kasunanan) yaiku kraton ingkang sisih wetan.
Menawi
ingkang sisih kulon, namanipun Mangkunegaran Ratunipun inggih menika Raden Mas
Said utawa jejulukanipn yaiku Pangeran Sambernyawa. Ingkang saniki dipun
makamaken wonten ing Matesih, Kaanganyar. Menawi grup ingkang sisih wetan
ratunipun dimakamaken onten ing Imogiri. Kraton Sala menika malebet trah Mataram.
Panjenengane
Sinuwun Pakubuwana kaping V gadah garwa selir, yaiku bojo nanging mboten dados
ratu. Garwa selir menika gadah putra kalih.
Namanipun
Raden Mas Surya Brata utawa asma resminipun yaiku Kanjeng Gusti Pangean Haryo
Surya Brata, kaliyan rayinipun yaiku Raden Mas Surya Kusuma.
Raden
Mas Surya Brata menika gadah kasaktian kang mboten awujud pusaka, ananging
kasaktianipun sampun wonten ing jiwa lan raganipun Raden Mas Surya Brata.
Panjenengane inggih tiyang ingkang pinter lan sekti ugi pinter babagan
kesenian.
Wiwit
Mataram ibukota Surakarta, sampun katon bbit-bibit perpecahan antarane Pangeran
Mangkubumi yaiku Raden Mas Said kaliyan Sinuwun Pakubuwana V, amarga Raden Mas
Said mboten sarujuk menawi Sala nyawiji kaliyan kompeni. Banjur Raden Mas Said
nglawan kompeni, kang pusat
perlawananipun woten ing bumi nglaroh Wonogiri.
Perlawanan Pangeran Mangkubumi,
perlawanan karampungaken kaliyan ditanda tangani perjanjian Giyanti, ingkang
diatur dening kompeni. Dening perjanjian kuwi, Mataram pecah dadi loro. Jroning
peperangan kuwi, jeneng desa Langsur dumadi disejarahake.
Nalika taun 1825-1830, wonten perang
ageng Pangeran Diponegoro. Sak bolone utawa sak kancane, yaiku Kyai Maja, Basa
Sentot, Imam Bonjol ngewangi Pangeran Diponegoro. Lajeng Sinuwun kaping VI kang
mase Kanjeng Gusti Pangeran Haryo Surya Brata. Yaiku Sinuwun Banguntapa utawi
asma alite Sapardan niku sampun dijumenengke dados ratu Sala katelah Sinuwun
Banguntapa.
Sak sampunipun dados ratu, gandheng
Pangeran Diponegoro niku wau brontak karo kompeni, supaya ne nyingkir saking
daerah Sala khususe nek saged nggih saking tanah Jawa. Nanging nyatane gandheng
penentang-penentang kompeni niku wau boten saged akur dados saged dikalahake.
Wonten sawijining dina kompeni niku
pinter utawa bisa diarani licik. Pangeran Diponegoro kaliyan kanca-kancane
diajak rerembugan wonten ing omah utawa gedung nanging mboten angsal mbekta gaman.
Lha bareng sampun wonten jero, sing diaras sampun mlebet sedaya, banjur Pangeran
Diponegoro di cekel dening kompeni. Banjur dibuwang wonten ing Manado.
Pangeran Diponegoro banjur seda wonten
ing Makasar, dimakamake nggih wonten ing Makasar, kecamatan Waju, wonten ing
tengah-tengah kota Makasar. Lajeng menawi bangsane Imam Bonjol, Basa Sentot,
Priwa Dirja dipun makamaken wonten ing Manado.
Menawi Sinuwun kaping VI dibuwang
wonten Ambon. Wonten Ambon Siniwun kaping VI dipun sedani supayane ora ana
keturunane. Sak durunge tahun 60, Sinuwun Banguntapa utawa Sinuwun kaping VI
niku, makamnipun dipun pindah wonten ing Imogiri.
Panderek Pangeran Sambernyawa kang
anama Raden Mas Surya Brata, kang saiki benere yaiku putrane Sunan Pakubuwana
V, saking Garwa selir. Raden Mas Surya Brata kepengen ngabung kaliyan Pangeran
Sambernyawa jroning nglawan kompeni.
Karana mboten tahan nyumurupi
kelakuanipun kompeni ingkang kejem kaliyan bangsa pribumi. Sak liyane kuwi,
piyambake rumangsa mboten dianggep putra kaliyan Sinuwun Pakubuwana V, amarga
namung saking garwa selir.
Raden Mas Surya Brata, kaliyan penderek
kang setya tuhu, Ki Ijo utawa Ki Buta Ijo, Ki Semi, lan Ki Setro kanthi
sesidheman nemeni pangeran Sambernyawa. Ki Ijo kuwi nalika semono, bebadra wonten
ing kampung Gawangan, utawi Ki Buta Ijo. Ki Semi, nalika semono, bebadra ing
dukuh Trosemen. Dukuh Trosemen kuwi dukuh Klurahan kang manggon wirangan ing
sisih kulon klebu wewengkon kalurahan Sukoharjo.
Lan Ki Setro, nalika semono ahli
peperangan piyambake julit ing babagan peperangan. Ki Setro gandheng dheweke
pinter perang, gegladhen pinter adu kasekten lan piyambake wegih. Piyambakke
manggon ing kampung Setran. Kampung Setran menika inggih wilayah kelurahan
Bulakrejo, kecamatan Sukoharjo.
Amarga didhawuhi wonten ing kampung
Setran menika mau supados ngamping-ngampingi minangka dadi telik sandi, menawa
wonten wirangan mungsuh kang arep nggoleki Pangeran Sambernyawa nalika semono. Kanthi
sesidheman nenami Pangeran Sambernyawa menika supados mboten kederangan dening
kompeni.
Penderek Pangeran Sambernyawa, Rangga
Panambang lan Udara Warsa, perang taling Pangeran Sambernyawa. Supaya ngati-ati
nganti dirawuhi Raden Mas Surya Brata. Nanging Pangeran Sambernyawa tetep nampa
niate Raden Mas Surya Brata, kanthi tujuan dadiake Raden Mas Surya Brata
minangka Telik Sandi Laskar Sambernyawa.
Lan kebukten, makaping kaping Laskar
Sambernyawa kasembadan lolos saking kepunganipun prajurit kompeni. Lan
kasunanan suwe ning suwe, kompeni ngakoni anane Telik Sandi, sak jroning
kedaton, kang tansah mbocorake wadine kang tumuju pusat peprentahan
Sambernyawa.
Kompeni banjur utusan, supaya nemokake
Telik Sandi kuwi mau. Kabar ngenani Telik Sandi, wiwit sumebar, warga kraton
wiwit numurupi Raden Mas Surya Brata.
Krungu bab menika wau, Raden Mas Surya
Brata kaliyan keluwarga yaiku, kaliyan rayinipun Raden Mas Surya Kusuma, garwa
kang cacah 8, lan tetelu abdine meneng-meneng sumingkir saking kraton. Ndelik, supados
mboten kacekel dening kompeni. Amarga kompeni taksih ngejar-ngejar
rombonganipun Raden Mas Surya Brata.
Kompeni ngrenteni bab kuwi mau, banjur
ngerahake pendekar lan pembunuh bayaran, age-age lumaku ngarak mangidul. Ngejar
rombongn Raden Mas Surya Brata.
Teteli abdi Raden Mas Surya Brata,
age-age ngatur cara, Ki Buta Ijo lan Ki Setro ngadhang anthek-anthek kompeni.
Dadi Ki Buta Ijo lan Ki Setro kuwi mau kadhawuhan supaya ngadhang anthek-anthek
kompenikuwi mau. Kamangka Ki Semi njaga Raden Mas Surya Brata karo kaluwargane
sarta prajurit nerusake mlaku.
Ki Ijo lan Ki Setro kasemabadan
ngalahake anthek-anthek kompeni kuwi mau. Pendekar bayaran kuwi mau sing isoh
urip, pilih mlayu kanggo njaluk bantuan nusul rombongan junjungane. Sak ngorone
lega karana rombongan Raden Mas Surya Brata, wis ngliwati kali Bengawan Sala.
Kanthi kasektene dheweke tansah gampang
ngliwati kali kuwi mau. Raden Mas Surya Brata tansah ngaturake sokur nyawang
abdine lan sak kloron kuwi mau slamet. Rumangsa bombong pengalihe Raden Mas
Surya Brata kuwi mau.
Sak teruse, rombongan Raden Mas Surya
Brata wis tekan ing papan sing jembar, sing bulak sing amba, bulak kuwi mau
amba banget kang di kebaki alang-alang nalika semono. Kang sak dedeg manungsa
dhuwure. Pepindanne kaya gulungan kepang rata nalika semono. Durung ana
manungsa kang ngrambah ana ing papan kuwi mau.
Umpama ditumpuk alang-alang kuwi mau
isoh kaya kasur kang empuk. Raden Mas Surya Brata, tansah kesengsem ngerti bab
kahanan kaya kuwi mau. Sak teruse, kanthi pangudarasane Raden Mas Surya Brata
nyumerapi alang-alang pepindhane kaya kasur, jembar dhuwur kuwi mau, desa kuwi
mau terus diparingi asma Bulak Langsur. Dadi sejarahe Bulak langsur utawi desa
Langsur kuwi mau wiwit critane kuwi mau.
Sak teruse, rombongan nerusake mlaku,
nglewati alang-alang nganthi tekan sajroning kali sing tansah bening banyune. Ana
ing tikungan kali kuwi mau, Raden Mas Surya Brata kepengen arep leren, karo
rombongane. Piyambake terus dhawuh Ki Ijo supaya, ngadep Pangeran Sambernyawa
ing bumi nglaroh ing nalika semono.
Jarak pirang dina, Ki Ijo ngadep maneh
marang Raden Mas Surya Brata, uga nggawa isining taseh mau, nyanakne supaya
Raden mas Surya Brata, tetep manggon ing papan niku mau. Supaya mangerteni
prajurit kompeni, lan Kasunanan Raden Mas Surya Brata, lan sak kaluwargane uga
di saranke, supaya sesinglon dadi petani utawa pedagang urip ing bulak kuwi
mau. Supaya ora ngetarani saka anthek-antheking kompeni.
Akhire Raden Mas Surya Brata sesinglon
yaiku menyamar. Surya Brata dadi Kyai Langsur lan Surya Kusuma dadi Kyai
Minggir.
Sawijining dina, ana salah sijining
kompeni kang nggolek keterangan ngenani keberadaanipun kerabat-kerabat kraton.
Banjur kompeni nembakake meriam saking Sala ning arah
desa Langsur.
Sawise ngerti menawa ing desa Langsur
menika wonten kerabat kraton. Nanging mboten tekan, amargi saking Sala desa
Langsur menika katon peteng banget. Lan babagan menika wau mboten dimangertosi
dening Raden Surya Brata.
Wonten desa Langsur Raden Mas Surya
Brata mboten terlibat wonten ing peperangan, kaliyan rayinipun Raden Mas Surya
Kusuma kaliyan Ki Setro, Ki Semi lan Ki Buta Ijo, tetani kanggo logistikipun
prajurit, utawa ingkang nyiyapaken strategi kangge prajurit sing arep perang
kaliyan kompeni. Akhire kompeni kalah perang nglawan prajuritipun Raden Mas
Surya Brata.
Sak bubare iku, sumingkiripun Raden Mas
Surya Brata lan kaluwarga, dening warga kraton sanes dipun anggep leres menawi
lunga ninggalake kraton, amarga menawi mboten lunga mesthi bakal kecekel dening
kompeni.
Ananging, Raden Mas Surya Brata lan
kaluwarga mboten wangsul malih ing Kraton Sala. Lajeng milih urip wonten ing
desa Langsur menika wau sak kaluwarga lan garwanipun. Raden Mas Surya Brata ugi
rabi malih nalika Raden Mas Surya Brata sampun netep wonten ing desa Langsur.
Bumi
Langsur menika saking lumbung Silayur kanthi bumi Dukuh. Menika wau buminipun
Kyai Langsur. Nganti tekan sak iki bumi Dukuh kuwi dijenengake Dukuh Langsur
lan kaline ugi dijenengake kali Langsur. Sebab menika wau peninggalanipun Kyai
Langsur.
Miturut
ceritane kala rumiyen, dukuh Langsur kuwi sampun maju, Langsur menika sampun
dadi kampung. Bareng dukuh Langsur sampun maju, Kyai Langsur lajeng pindah,
pindah wonten ing desa Trosemen, Klurahan, Sukoharjo. Dukuh Langsur dijaga
dening rayinipun yaiku Raden Mas Surya Kusuma kaliyan ibune.
Lajeng
Raden Mas Surya Brata utawi Kyai Langsur seda ing desa Trosemen, lan dipun
makamaken ugi wonten desa Trosemen sekaliyan garwa-garwanipun ingkang cacah 8.
Raden Mas Surya Kusuma seda wonten ing
desa Langsur ugi dipun makamaken wonten ing desa Langsur kaliyan ingkang
Ibu.Menika ugi dipun paring sesebutan Eyang Minggir Kakung putri.Raden Mas
Surya Kusuma menika boten gadah garwa.
Ki Setro seda wonten ing desa Setran,
sebab mengkono nganti saiki desa kuwi kasebut desa Setran, saka tembung
Setroan. Banjur dadi Setran nganti saiki. Ki Buto Ijo seda ing desa Gawangan,
saka tembung gon wangan kang artinipun gon banyu.
Miturut kasentanan ing kraton Sala,
Kyai Langsur menika sedanipun taun 1930, nanging niku wau namung saking
catetanipun ing kraton, kasunyatane mboten jelas taun pinten. Amargi sedaya
utawi ahli waris saking trah Surakarta menika menawi mendra saking kraton, pun
ninggalake kraton, niku pun mboten dibukuni malih.
Kyai Langsur dimakamake kaliyan 8
garwane. Jejer-jejer ing sak pinggiring Kyai Langsur. Garwanipun Kyai Langsur
nggih wonten ingkang saking keturunan kraton.
Garwanipun Kyai Langsur enten sing
keturunanipun utawa garwa putra Mangkubumi sepuh, masalahe yen nggunakae jeneng
mangkubumi nek boten saking keturunan kraton mboten wonten. Sanesipun wonten ingkang
putra Demang Pajang, ugi wonten ingkang keturunanipun saudagar Gresik.
Nanging Kyai Langsur menika boten gadah
keturunan, amargi saking 8 garwanipun Kyai Langsur boten wonten ingkang
nggadahi keturunan, dadi ngantos sak niki boten wonten keturunan saking Kyai
Langsur utawa Raden Mas Surya Brata.
Sak derengipun, warga desa Langsur
kaliyan warga desa Trosemen dereng
mangertos, menawi wonten pemakaman kados menkaten. Nanging wonten satunggal
warga kang jaman nem-nemanne seneng sesirih (tapa).
Sawijining dina, nem-neman kala wau
dipanggihi kaliyan Eyang kakung (Kyai Langsur) nanging namung suwara kemawon.
Unine : “Le.. aja kok tutuk-tutukake nggon mu sesirih, gona ku kae openana !!”.
Bareng sampun ngoten, nem-neman wau
tetep nerusake anggone sesirih. Nganti dipanggihi malih, ingkang kaping kalih,
tembunge : “Le.. gonaku kae openana!”. Dereng dilakoni malih, kaliyan nem-neman
wau.
Lajeng ingkang kaping tiga, nem-neman
wau dipanggihi malih kaliyan Kyai Langsur. Wonten mriku, Kyai Langsur nyebutake
panggonane. Nem-neman wau, banjur nglakoni panjaluke Kyai Langsur.
Bareng sampun ketemu panggonane, makam
kala wau banjur diwenehi cungkup, yaiku omah-omahan sing ana ing
makam.Cungkupipun saking kayu jadi, dadi ngantos saiki taksih awet.
Saking nem-neman wau, warga dusun
Klurahan nembe mangertos yen wonten makam kados mekaten wau.Sak sampunipun
1997, nembe ngertos menawi Kyai Langsur menika putra ingkang sinuwun Pakubuwana
kaping V.
Sak teruse uwong-uwong kenal karo Raden
Mas surya Brata nganti jeneng Kyai Langsur utawi Mbah Langsur.Lan desa kang
dienggoni Kyai Langsur, kuwi mau terus disebut desa Langsur.
Kanggo ngurmati Kyai Langsur mingka
sesepuh lan sing bodro dadikake gumelare desa Langsur. Terus Raden Mas Surya
Brata jejeluk pengageng utawi pakurmat Eyang Langsur utawa Kyai Langsur. Lan
ugi angsal gelar Pangeran, yaiku Kanjeng Gusti Pangeran Haryo Surya Brata.
Kangge ngurmati Raden Mas Surya Brata,
saiki ing desa Langsur taksih ngenekake tradisi, kayata, Sedekah desa utawi
Rosulan.Ngawontenaken ringgit bawa, nanggep wayang menawi panen mangsa ketiga.
Tradisi kuwi mau sampun kalampahan awit saking rumiyen lan ngantos sak niki
taksih lumampah.
Tradisi ingkang taksih lumampah ing
desa Trosemen ing makam Kyai Langsur menika yaiku, saben tanggal 15 ruwah,
kawontenaken panyekaran utawa sadranan, menika kalampahan menawi awan. Menawi
benginipun kadang-kadang wonten tontonan kados wayang lan sapiturute, nanging
kadang nggih mboten.
Wonten ugi tradisi menawi wonten tiyang
dadi manten, kala rumiyen mesthi dipun ubengake rumiyen ing makam menika.
Manten lanang utawa manten putri, prosesinipun sak derenge manten temu.
Kala rumiyen, makam Kyai Langsur menika
inggih kangge ngenekake tayuban, miturut ceritane, menawa boten main ing kono,
tayubanne wau boten laku.Dadi masyarakat sampun percaya babagan menika wau.
Kajaba
kuwi, masyarakat nggih percaya menawi dedonga wonten mriku mesthi dikabulke.
Nanging boten sedaya percaya.
Kyai Langsur mbiyenne tiyang ingkang
pinter, lan seneng kesenian jawa. Makane sak niki kathah warga desa Langsur
ingkang dadi seniman.
Uga
dipercaya,menawa sinau kesenian wonten ing Desa Langsur menth saged lan sukses,
sampun wonten buktine, kathah warga Langsur ingkang dados seniman sukses.
Kajaba kuwi, masyarakat uga percaya
menawi warga Langsur oboten angsal bebojoan kaliyan tiyang Trosemen, Klurahan.
Sebabe,
Kyai Langsur kang dimakamake wonten ing Desa Klurahan, menika taksih sedulur
kaliyan Kyai Minggir kang dimakamake ing desa Langsur.
Sebab
kuwi nganti sak iki ora ana kang bebojoan antarane warga desa Langsur lan warga
desa Klurahan.
Ngantos sak niki desa Langsur ketingal
guyub rukun, menawi wonten masalah saged dipun rampungaken kanthi sesidhem.
Lajeng para warga ing desa Langsur, awit taksih pitados kaliyan ngrengkuh Kyai
Langsur.
1. Narasumber
: Bapak Dariya Suwanda
Umur : 47 tahun
Pekerjaan : PNS
Alamat : Langsur, rt 01 rw 02 Sonorejo,
Sukoharjo
2.
Narasumber
: Bapak Priya Martana
Umur : 72
tahun
Alamat :
Trosemen, Klurahan, Sukoharjo
Pekerjaan :
Juru Kunci makam Kyai Langsur
3. Narasumber
: Bapak Triman
Umur : 45 tahun
Pekerjaan : Dosen ISI Surakarta
Alamat : Langsur, rt 02 rw 01 Sonorejo,
Sukoharjo
4.
Narasumber
: Bapak Karni
Umur
: 51 tahun
Pekerjaan
: Petani-Seniman (Dalang)
Alamat
: Langsur, rt 01 rw 01
Sonorejo, Sukoharjo
Salam Rahayu Rahayu Rahayu
BalasHapus