Sabtu, 29 November 2014

Telu Karyane Poerwadhie Atmodihardjo

Tiga Karya Poerwadhie Atmodihardjo: Ibu, Gumuk Sandhi, dan Udan Grimis
Oleh: Ririn Istiqfarini, Ita Lusiana, dan Anastasya Yuni Anindita
Latar Belakang
Poerwadhi Atmodihardjo miyos sasi juni taun 1919 ing paron, Ngawi. Kapundhut marak ing ngarsane Gusti tanggal 28 Oktober 1989 ing Semarang. Poerwadhie Atmodihardjo nate dadi pegawe ing sawetara jawatan/dinas, redaktur sawetara kalawarta basa Jawa, sastrawan Jawa. Ing kalangan sastra Jawa, Poerwadhie nduweni sawetara sesinglon: Mbah Poer, Habramarkata, Abang Istar, Satriya Paranggelung, Harga Lawu, Sri Ningsih, Prabasari Laharjingga.
         Poerwadhie sekolah ing HIS Ngawi, dibacutake nyang Openbare MULO School Madiun, terus Particuliere Algemeene Middelbare School ing solo. Najan ora rampung sekolah ing solo, nanging Poerwadhie dipercaya dening sawijining wong Wlanda dadi tur mimpin sekolah swasta anyar ing Paron, Ngawi, sing diedegake wong Walanda mau.
            Poerwadhie sawijining janma kang mardika, bebas, ora gelem direh sapa bae. Marga saka iku, ing babagan pegaweyan dheweke ora pati jenak, seneng pindah-pindah gaweyan lan panggonan. Mula ora aneh yen piyambake nate dadi guru, pagawe ing kantor jawatan irigasi, juru ukur tanah. Malah nate uga dadi tentara (TKR) kanthi pangkat Letnan Satu (Oktober 1945), metu taun 1949 terus dadi pegawe ing Dinas Bangunan Tentara. Uga ora aneh yen Poerwadhi tau dadi redaktur ing sawetara kalawarta basa Jawa, kaya ne Jaya Baya, Panjebar Semangat, Crita Cekak (CC), lan Gotong Royong, Mekar Sari. Pungkasane, piyambake dadi sastrawan Jawa sing pancen “mardika”.
Panjenengan e kalebu s salah sijine pengarang jawa gagrak anyar sing maju gagasane. Karya-karyane meneka genre/ jinis (guritan, cerkak, cerbung/novel, esai, lsp) lan wus dipacak ing hudyana-hudyana basa jawa wiwit taun 1950-an nganti taun 1990-an. Ing jagad sastra Jawa, Poerwadhi akeh ngripta karya sastra. Sing awujud cerkak biasane kaemot ing kalawarta-kalawarta mau (1944 nganti 1981). Saliyane iku, piyambake uga ngarang novel sing uga diemot ing kono, antarane Gumuk Sandhi (1963/1965) wis dicethak dadi buku (1963/1965) lan saiki dicethak maneh dening Penerbit Kiblat Buku Utama Bangdung (2011), “Suwung Plung” (1968), “Kumandhanging Asmara” (1956-1957) “Tumiyunge Ati Mulus” (1968), lan “Gumerite Rodha Revolusi” (1972). Sing awujud roman sejarah, upamane “Ki Derpayuda” lan “Sing Menang ing Pucuking Kanisthan.”
Pembahasan
1.      Udan Grimis
Ringkesan
Ing novel menika nyariosaken setunggal tiyang duda nama Ruwija, ingkang gadhah putra setunggal jaler nama Lukita. Ruwija pindhah saking kutha aslinipun Kendhal menyang Kampung Bodri. Dheweke manggen ing griyanipun Bu Tjarik manten ingkang boten dingge lan rada adoh saking karamean. Ruwija menika pagaweanipun juru ukur lan asring dhines wonten ing luar kota. Putranipun asring dipuntilar lan dititipaken dhateng Bu Tjarik.
Nalika dheweke bali saking dhines, dheweke dipunpasrahi nggambar kanggo pangesahan konperensi opseter ing Semarang. Ruwija menika lagi bali saking dhines dinten Djumuwah lan gambaranipun kedah rampung dinten Senen esuk. Wengi kang sepisan Ruwija nglembur nganti jam sewelas dalu. Terus dinten-dinten saklanjengipun dheweke ugi nglembur, ananging tetep disambi kaliyan ngrumati putranipun ingkang namung setunggal menika.
Yen wanci dhahar esuk, awan lan sore wonten ingkang ngeteri dhaharan inggih menika Rambijah, anake Bu Tjarik. Pancen Ruwija menika sampun masrahake bab dhaharan marang Bu Tjarik lan Ruwija mbayar saben sasi. Rambijah ugi asring momong Lukita, dheweke sampun nganggep Lukita menika putranipun piyambak.
Nalika wengi sinambi ngrampungaken gambarane, Ruwija mikir yen dheweke kudu golek gantine Sundari Ibune Lukita kanggo ngrumat Ruwija lan Lukita. Wanci dinten Senen esuk gambaranipun Ruwija sampun rampung. Dinten menika udan grimis awit esuk, Rambijah nyaosaken dhaharan kanthi kudhungan tampah. Dheweke rumangsa seneng menawi dikongkon ngeterke dhaharan menyang griyanipun Ruwija.
Pranyata dheweke ugi anggadhahi rasa tresna marang Ruwija. Esuk iku pungkasane tiyang kalih kang lagi nandang katresnan lan padha-padha senenge. Ruwija ngomong marang Rambijah yen mengko sore arep sowan marang Ibune Rambijah lan arep nembung Rambijah marang Ibune.

Aspek ingkang menonjol saking novel “Udan Grimis” menika yaiku babagan aluripun. Ing novel menika aluripun mboten pasti. Aluripun unik, menika ingkang khas saking pengarang menika. Ing bab setunggal nyariosaken lakone Ruwija ing kahanan wayah sakniki tapi ing paragraf sakngisore lajeng nyariosaken kahanan jaman rumiyin. Lajeng ing bab gangsal nglajengaken cerita jaman rumiyin ing bab setunggal kalawau. Lan ing bab saklajengipun nyariosaken lanjutan cerita ing kahanan wektu sakniki malih.
2.      Gumuk Sandhi
Ringkesan
Novel “Gumuk Sandhi” nyeritakake bab kaluwarga kang dumadi saka pasangan jalu lan wanita kang disalirani dening paraga telu yaiku Prawita, Sudira lan Marsini kang mbiyen ne nduweni jujulukan SMP kang jaman semono, dening bebrayan umum dianggep lan diakoni dadi sawijining trimurti kang lulumban kanggo kaperluwane masyarakat.
            Antarane Prawita, Marsini lan Sudira nduweni masalah kang gedhe banget. Mbiyen, antarane Marsini lan Sudira pada-pada nduweni rasa tresna kang akhire ndadekake Marsini kudu ngandheg winihe Sudira. Amarga Sudira iku keturunan kraton, lan Marsini dudu keturunan kraton, wong tuwane Sudira ora setuju menawa Sudira bebojoan karo Marsini lan ngakon Sudira lunga saka Paron. Sak durunge lunga, Sudira mara ning omahe Prawita njaluk tulung supaya Prawita dadi sisihane Marsini. Banjur Prawita, Marsini lan Sudira pada rerembugan lan gawe perjanjian yaiku : Prawita sing bakal ngentas lelakon sing lagi mbekani nalar kanthi bakal urip bebarengan karo marsini, sarwana bojo sah ing dalem makna hukum, ananging mung minangka jonggol  utawi “Jaga Malam” ing dalam makna budi.
Sudira uga janji menawa ndheweke  bakal bali marang Marsini, nanging nganti 4 taun suwene, Sudira ora bali-bali, nganti Prawita mara ing omahe Sudira sing saiki yaiku ing Kendal. Sudira uga ganti jeneng dadi Ruwiya.
Kanthi ngajak Lukita anake Marsini karo Sudira, Prawita ngandharaken bab masalahe kang durung rampung-rampung antarane Prawita, Marsini lan Sudira. Akhire, Sudira ngomong menawa dheweke tetep ora bisa bali marang Marsini, lan wis masrahake Marsini marang Prawita. Sudira uga gawe sumpah : menawa dheweke ora niyat golek sisihan lan urip muhun kanggo njagani gedhening anake Lukita. Let setaun Marsini nglairake anak lanang jujuluk Rinta Alwi.

Aspek ingkang menonjol saking novel Gumuk Sndhi yaiku Alur. Novel menika mboten kawiwitan saking ngajeng, ananing saking tengah. Pambukane diwiwti saka Prawita kang uwis weruh panggonane Sudira lan kepengen cerita marang Marsini, sak bubare kuwi Prawita lan Marsini golek informarsi babagan Sudira. Ing bab 1 ngantos bab 8 alure taksih runtut. Ananing ing bab 9 lan bab 10 alure ganti dadi alur mundur nyeritakake wektu Prawita, Marsini lan Sudira isih enom kang pada kekancan apik-apik durung ana masalah. Ing kono uga diceritake  awal mulane masalah, nganti Sudira kudu, lunga saka Paron. Banjur ing bab 11 ngantos 14 (tamat) alure bali maneh nutukake ceritane ing bab 8.
3. Ibu
Ringkesan
Novel iki nyaritakake lelakon uripe Prawita sing nduweni kaluarga kang cumpen (sarwa kekurangan). Sing ndisike anake wong sugih, nduweni pangkat lan drajat, saiki urip sarwa kekurangan. Ananging, senajan Prawita iku wong ora nduwe, tapi uripe iseh ayem.
       Deweke nduweni anak papat sasuwene gandeng karo Minarni (bojone). Minarni nduweni sifat sing apik, deweke ora nuntut Prawita sing luwih-luwih, Minarni iku wanita kang trima ing pandum, lan sabar narima apa sing ana ing kahanane Prawita. Najan Prawita iku wong bodo lan wong ora nduwe, banjur Minarni iseh gelem narima Prawita.
       Prawita iku sebenere anake wong sugih, nanging amarga deweke bodho lan ora gelem di jodohake karo wong tuane, deweke milih minggat saka omahe, amarga deweke wis nduweni trisna marang Minarni. Banjur kanggo nguripi panguripane lan kanggo modal nglamar Minarni, Prawita nyambut gawe seanane.
Prawita sing kerjanane amung dadi tukang jahit ing pasar iku iseh nduweni rasa urip kang ayem lan tentrem, amarga ing kono, kabeh isa narima ing pandum. Prawita lan kaluwargane iso urip saka pakaryane jahit ing pasar.
       Ing sawijining dina, Prawita sowan ing omahe ibune, nanging ing kana deweke ora wani suwe-suwe amarga kangmase ora gelem narima deweke sowan. Deweke di anggep wis dudu kaluwargane maneh, amarga deweke minggat saka omah lan ora gelem nuruti apa sing di karepake bapake.
       Nganti bapake wis seda wae, Prawita iseh ora oleh sowan ing ngomahe ibune. Ananging ibune iseh tetep narima Prawita sing saiki, dadine Prawita iseh kerep mara sowan ing ngomahe ibune yen kangmase lagi ora ana ngomah.
Wektu Prawita mara ing omahe ibune, deweke ngajak anake sing cilik dewe lanang, jenenge Lukita. Tekane Prawita amung gawe bungahe atine si ibu. Amarga ibune bisa ndeleng putu wayahe, amarga kangmase Prawita sing jenenge Pramana ora duwe anak.
Pramana bali ngomah, ketemu Prawita, banjur langsung ngunen-nguneni Prawita. Ingkene ibu dadi penengah kang ora belani salah sijine, tapi ibu iku adil lan mangerteni keadaane Prawita. Sawise di omongi apik-apikan karo ibu, Pramana lan Prawita banjur akur maneh, terus sakaluwarga iki mau sowan ing ngomahe Minarni sakaluwarga.

aspek ingkang menonjol saking carita kala wau inggih menika, anggenipun pengarang babaraken carita menika sampun gamblang. Pengarang menika nyariosaken anggenipun Prawita nglampahi urip kang saka sugih dadi wong mlarat. Prawita tetep kuat nglakoni uripe, dene deweke wis ora di anggep kaluwarga maneh marang bapak lan kang mase, ananging ibune iseh tetep tresna marang Prawita amarga pancen dalan sing di pilih Prawita iku dalan kang cocok karo opo sing dikarepake Prawita dewe.


Simpulan 
Alur cerita ing novel karyanipun Mbah Poerwadhie Atmodihardjo menika anggadhahi alur ingkang unik. Alur ceritanipun boten pasti, pergantian cerita jaman rumiyin kalih jaman sakniki boten wonten batesipun. Ing 3 novel ingkang dirembag kaliyan kelompok menika anggadhahi alur ingkang khas. Kajaba niku, ciri khas novel karanganipun Mbah Poerwadhie yaiku nggadhahi tema kulwarga. Tiga-tigane wonten salah satunggaling tokoh ingkang sami namanipun yaiku ing novel Ibu wonten tokoh kang namanipun Prawita ingkang sami kaliyan nama tokoh ing novel Gumuk Sandhi. Lajeng ing novel Udan Grimis wonten tokoh Ruwija kang wonten ing novel Gumuk Sandhi. Kajaba iku wonten tokoh Lukita ingkang wonten ing 3 novel karangan Mbah Poer menika, lan tokoh Lukita menika nggadhahi peran ingkang sami, inggih menika dados anak.

Rujukan
Atmodihardjo, Poerwadhie. . Udan Grimis. Semarang: CV Keng
Atmodihardjo, Poerwadhie. 1963. Gumuk Sandhi. Semarang: CV Keng
Atmodihardjo, Poerwadhie. 2013. Ibu. Semarang: Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ)

Imam Budi Utomo, dkk. 2002. Eskapisme Satra Jawa. Yogyakarta: Gama Media

Tidak ada komentar:

Posting Komentar