Ing omah Jupri
mung urip karo babene tanpa biyung. Jupri urip karo babene sing nduweni pakaryan
dadi penyanyi dangdut ing hajatane uwong-wong.
Dadi Babe ora duwe pegawean sing maton. Uripe sarwa pas-pasan, nanging
tetep bisa sekolah kaya kanca-kancane liyane.
Sawijining dina
ing sekolahan Jupri diwenehi tugas saka gurune, tugase dikon gawe karangan sing
nyeritakake kahanan pakaryane babene. Nanging Jupri isin arep nyeritakake
kahanan kuwi. Jupri golek alesan supaya ora dikon maju macakake karangane ing ngarep
kelas. Jupri isin karo kahanan pakaryane babene, amarga kanca-kancane sing wis
maju, pakaryane babene wis apik, kerjane ing kantoran, lan saben minggune nek
libur mesthi dijak dolan mlaku-mlaku.
Jupri kepengen ngrasakake
kahanan sing kaya kanca-kancane kuwi mau. Nanging piye maneh, Babe ya mung
penyanyi dangdut tanggapan. Satemene Jupri kuwi ora setuju babene dadi penyanyi
dangdung kaya mangkono kuwi, nanging menawa babene ora kerja, ya apa sing bisa
digawe urip sabendinane.
Nanging, ing
sawijining dina Jupri ora mlebu sekolah, alesane lara mumet, nanging satemene
kuwi Jupri ora mumet temenan nanging Jupri kuwi lagi nesu marang babene, lan
wegah mlebu sekolah. Jupri di tawani mangan apa neng babene nanging Jupri wegah
mangan. Mula babene mangkat menyang warunge lek sum lan mesen wedang kopi. Pas
lagi wae lungguh ing warung ujuk-ujuk guru wali kelase Jupri telfon marang
Babe, nakokake kena apa Jupri kok ora mlebu sekolah. Babe ngomong apa anane,
yen Jupri lara. Dene lek sum nakoni Babe, Jupri lara apa? Babene banjur nyauri
lara mumet karo panas, nanging bathuk e karo awake didemok ora panas, malah
kaya wong sehat biasa, banjur lek sum angger olehe ngomong, mengko sanune Jupri
kepengin ibu anyar apa kepengen babene nduwe gaweyan anyar.
Babe banjur
langsung mulih marani anake, nanging anake ora ana ing omah. Babene bingung
anggone goleki. Temune Jupri ana ing lapangan, lagi dolanan bal-balan karo
bocah sing ora sekolah. Babe nyeluk lan marani Jupri banjur di jak mulih ing omahe.
Jupri manut karo omongane babene. Babe ngomong neng Jupri yen babene oleh
pakaryan anyar, yoiku dadi manajer ing perusahaan. Jupri seneng banget lan dadi
sregep olehe sekolah, wektu pelajaran ngarang, Jupri ora alesan maneh, Jupri
nyeritakake kahanan pakaryane babene sing saiki.
Wis
pirang-pirang dino Jupri di apusi babene, nanging Jupri ora ngerti. Nalika Babe
tangine kawanen lan ora sempet melu sarapan karo Jupri, hp ne babene
ketinggalan lan pas kuwi ana wong telfon ngelingake menawa babene kuwi mengko
bengi ana tanggapan gone hj. Amin, Jupri bingung lan plonga-plongo. Ora let
suwe babene mbalik kanggo jupuk hp ne sing keri ing meja mangan. Nalika babene
budhal makarya, Jupri langsung ngetutake menyang ngendi parane kerjane babene.
Jupri ngetutake
babene terus, lan ora sida mangkat sekolah. Jupri kaget lan bingung, kena ngapa
babene mlebu ing masjid kok ora mangkat nyang kerjanane, tibake babene mara ing
masjid mung kangge turu ing kana, ora mangkat kerja kaya kasunyatan sing
dikarepake dening Jupri. Jupri nangis ora percaya yen deweke diapusi babene
kaya mangkono. Jupri banjur mulih menyang omah karo gawa rasa kuciwa ing atine.
Babe di telfon
dening guru wali kelas e Jupri kena apa kok Jupri ora mlebu sekolah maneh,
babene bingung la wong mau Jupri wis sragaman arep budhal sekolah. Langsung wae
Babe mulih lan nemoni Jupri sing ana ngomah, langsung takon lan nyeneni Jupri,
kena ngapa kowe ora sekolah karo nggebrak meja. Jupri mung ndeleng banjur mlayu
ora semaur apa-apa. Nalika Babe arep nututi Jupri ndadak ana telpon saka
kancane sing esuk mau ngelingake menawa Babe kuwi sida ana tanggapan ing omahe
hj. Amin jam 7 mbengi. Babe bingung kudu kepriye, amarga anake mlayu ora ngerti
nyandi parane.
Bengine Babe wis
ing omahe hj. Amin nangin iseh wangu-wangu arep nyanyi opo ora, merga anake
durung ketemu. Naming Jupri malah sing mara ing omahe hj. Amin lan menehi restu
kanggo babene nyanyi. Babene seneng lan Jupri ya seneng. Jupri sadar lan nrima
apa anane babene.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar