Senin, 05 Januari 2015

Dúrjånå


Pak Sarmín katón gêtêm-gêtêm, ngrungókaké pawartå, yèn íng wêktu iki akèh wóng kang kélangan, akèh malíng kang pådhå bêropérasi. Sak liyané omah-omah biasa, papan kang kanggo jujugan malíng yå iku kantór-kantór pêmêrintahan. 
Pak Sarmín katón anyêl amargå sêtêngah tahún kêpungkúr kantóré yå pêrnah disatróni malíng. Sanadyan bapak kêpala íng kantóré ora paríng dukå marang dhèwèké, nangíng Pak Sarmín rumångså isín. Åpå manèh dhèwèké kudu ngadhêpi pitakóné bapak-bapak såkå kêpulisian, síng sêmuné kåyå nudhúh marang dhèwèké.
Pak Sarmín anggóné jågå malêm íng salah sawijiné kantór pêmêrintahan wís sawêtårå suwé, kurang luwíh wís róng pulúh tahun. Mbók mênåwå umuré wís kêtuwan mênåwå ngajókaké dadi pêgawai nêgêri, mulå dhèwèké wís mupús. Jågå malêm kanggoné dhèwèké ora nggolèki lêmbaran rupiah, nangíng ngiras pantês kanggo tirakat, mêlèk wêngi, kanggo sêsiríh. Ora ånå liyå síng diprihatinaké, didongakké sabên dinå yaiku anak lanang siji-sijiné, Parjo. Anak lanang síng didåmå-dåmå, digadhang-gadhang lan digayúh mugå-mugå bisa mikúl dhuwúr mêndhêm jêro marang dhèwèké.
Parjo salah sawijiníng pêmudha kang gagah, dêdêg piadêgé éntúk, lan praupané ya ora pati nguciwani. Mulå ora maido yèn duwé pêpinginan dadi pulisi. Nanging Pak Sarmín sêmpat was-was, sawisé lulús SMA, Parjo wís nyobå ndhaftar dadi pulisi kapíng pindho, nangíng gagal têrús, lan ora mangêrtèni åpå síng nyêbabaké gagalé. Yèn ditakoni jaré kabèh ujiané yå biså nggarap, ujian fisik yå biså, mbók mênåwå nasibé waé sing durúng apík.
Róng ndinå iki Pak Sarmín ora doyan mangan, amargå mikír pênjaluké anaké lanang. Anak lanang siji-sijiné ora tau njalúk, njalúk pisan waé dhèwèké ora biså nuruti. Parjo pancèn arang nêmbúng njalúk marang wóng tuwané, wís kulinå såkå cilík, kêpingín klambi waé ora bakal nêmbúng marang wóng tuwané. Nèk ditukókné yå diênggo, nèk ora yå múng mênêng waé. Róng ndinå kêpungkúr Parjo sêmpat ngómóng marang bapaké,
"Pak, pripún nèk kulå pênjênêngan pundhútké mótór, krédit mawón, mêngké kula tak ngojèk, hasilé rak sagêd kanggé ngangsúr..., timbangané kulå nganggúr wóntên ndalêm, sak mênika padós pêdamêlan nggíh angèl?!".
"Jo..., Jo... åpå kowé ki ra ngêrti, dinggo nyukupi butúh sabên dinané waé kangèlan, la kók dinggo tuku móntór!, kowé kuwi nglindúr pó piyé?"
"Nggíh sampún....".
***
Têlúng sasi wís mlaku, rikålå wêktu ngasar Karmo, adiné lanang Pak Sarmín nyêdhaki lungguhé Pak Sarmín têrús ngómóng kanthi sora lan sêmangat makantar-kantar, "Mas... Mas Sarmín, ati-ati lho Mas... sakiki wis wiwít akèh pêncurian, malíng-malíng wís mêrajaléla manèh, kåyå têlúng sasi kêpungkúr, iki malah tambah nêmên."
"Mo... Mo! Ómóng kók pathing pêcóthót, mêrajaléla ki åpå cobå?"
"Hé... hé..., êmbúh Mas, wóng aku gúr mèlu-mèlu koran kaé kók! Níng tênan lho Mas, soalé síng diarah sakiki kantór-kantór manèh, biasané njikúk kónmutér, síng di jikúk åpå ya... anu, nèk ora salah jênêngé cé... pé... u."
"Mbók nèk ra mudhêng ki takón sík, dadi nèk ómóng ora ngisin-isini, kónmutêr ki bèn mumêt på?! Síng bênêr ki kómputêr....., cah nèk ra tau mangan sêkolahan yå kåyå kowé kuwi...." 
Ngrungókké sindhirané kakangé, Karmo gúr njêgègès, malah têrús nêrangaké nganggo bahasa Indonésia.
"Coba bayangkan dalam satu bulan saja di sêkitar kita ini sudah têrjadi lima kali pêncurian dan anèhnya sêpêrti di jadwal. Hari ini sêbêlah barat, dua hari kêmudian timúr, têrús sêlatan, utara... wah uédan tênan. Apa polisi tidak bêrtindak yå Mas?! Wah..... sungguh têrlalu!" Karmo nirókaké gayané salah sawijiné pêran ing sinêtrón Êntóng.
"Iyå, aku ngêrti, têrús aku kón ngåpå?" sêmauré Pak Sarmín.
"Lho.... Sampéyan niku pripún tho Mas, lha wóng kêmarin kan kantóré Mas Sarmín baru dapat kiriman lima sèt kómputêr lêngkap, pasti mêréka sudah tahu. Saya yakin lima ratús pêrsèn kalau sêbêntar lagi pasti mênjadi TO-nya para pêncuri itu!".
"Kowé kuwi ómóngan nyêlót ra nggênah, lé mu sinau bahasa Indonésia ki nèngêndi to Mo, wóng yakin kók limangatús pêrsèn, éh.... Mo, TO kuwi åpå tó?"
"Wah Mas Sarmín ki kurang gaúl tênan, TO itu singkatan dari Targèt Opêrasi!! you know?!... yå opêrasinya pårå pêncuri itu," Sarmo njawab karo nyêngèngès.
"O... alah Mo... Mo, mbók nyêbút. Lha wóng kowé kuwi gúr lulusan kathók cêndhak waé kók kêmaki!"
Durúng suwé anggóné pådå rêmbugan, Parjo katón nyêdhaki bapaké karo nggawa bungkusan.
"Pún dangu, Lík? Niki kula tumbaské gorèngan, mumpúng taksíh angêt. Niki Pak kula tumbaské sês, rêmêné bapak!" Parjo ngulúngaké rókók marang bapaké. Karmo njawab pitakóné ponakané térús nyaút témpé gorèng lan lómbók rawít.
"Wah kowé kalêbu wóng síng untúng, Mas! Anak múng siji, gèk ngêrti marang wóngtuwå. Lha aku iki anak papat, jan blas ora ånå síng ngêrti siji-sijia. Åpå manèh nukókké rókók, isané ya nyêlêri rókóké bapaké! Parjo ki sakiki kêrja nènggêndi ta, Mas?"
"Ora kêrjå åpå-åpå, nèk tak takóni jaré yå múng bísnís kêmbang karo kancané, kuwi lho... síng jênêngé Jêmani karo Gêlómbang Cinta åpå piyé? Aku ra pati mudhêng."
***
Wiwít soré råså atiné Pak Sarmín ora kêpénak, tansah was-was ora ånå jalarané. Biså ugå yå amarga pêngarúh ngimpiné dhèk wingi bêngi. Ngimpi síng kanggoné wóng-wóng jaman ndhisik ånå sasmita síng ora bêcík. Miturút piwulang Jåwå, ngimpiné ånå pérangan wêngi kang diarani puspåtajêm, miturút pårå pinisêpúh biyasané bakal numusi. Pak Sarmín ngimpi yèn untu nduwúr pathal siji.
"Pak..., mbók rasah digagas, lha wóng ngimpi kuwi kêmbangé wóng turu...," ngono sêmauré bojoné rikålå dicêritani ngimpiné. Udåkårå jam wolu bêngi, Pak Sarmín mangkat mênyang kantór nindakaké pakaryané jågå malêm.
Kirå-kirå jam sêtêngah siji bêngi Pak Sarmín wêrúh klébaté wóng loro kang nuju marang ruang kómputêr, sajaké nyubriyani, têrús dhèwèké ndhêdhêpi. Nyumurupi ruang kómputêr kasíl dibukak, Pak Sarmín katón gêmêtêr, sikilé kåyå dipaku nèng njogan. Pak Sarmín gumún, malíng saiki pancèn pintêr-pintêr tênan, lha wóng ruangan ånå kunciné kók biså dibukak kanthi gampang. Diwanèk-wanèkké, Pak Sarmín nyaút kayu póthólan sikíl kursi, nyêdhaki wóng loro kang mbukak ruang kómputêr, émané praupané wóng loro mau ora katon, amargo ditutupi nganggo topèng. Sawisé cêdhak, Pak Sarmín nggêtak sak rosané, dadi kagèté wóng sakklórón mau.
"Arêp dhå ngåpå kuwi???"
Krungu suarané Pak Sarmín, pawóngan síng isíh ånå njåbå kagèt têrús mlayu sipat kupíng. Luwih kagèt pawóngan síng isíh ånå njêro, rikåla mlayu mêtu dhadhané diantêm nganggo kayu sikíl kursi, "blukk!!!" tanpa sambat sak nalikå klêngêr, lan njêbabah ånå têras. Nyumurupi síng digêbúg ambrúk, Pak Sarmín tambah gêmêtêr, katón ngós-ngósan, têrús ndhéprók ånå cêdhakké pawóngan mau. Sakwisé gêmêtêré rådå mêndha, topèngé pawongan mau dibukak.
"Lho... kók kowé, Parjo!"
Pak Sarmín sémapút.
::Dening: P Dasihanto FD::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos

Sandal japit


Anggon ku kekancan
Kaya sepasang sandal jepit,

Menyang ngendi papan bebarengan
Yen ta ora,
Ana rasa kang seje
Ana rasa ora cocok
Najan ta kaya mangkono,
Kanca tetep jenenge kanca

Kekancan ing saben papan,
Gawe tambahing memitran
Geguncengan ing papan kana
Ngrembuk anggone kekancan

Sapa wae kang bakal dadi kanca
Ora kudu barengan,
Dene ana sing ora bisa bareng
Iki iseh tetep kancane

Semarang, Oktober 2014

Jupri lan Babe


Ing omah Jupri mung urip karo babene tanpa biyung. Jupri urip karo babene sing nduweni pakaryan dadi penyanyi dangdut ing hajatane uwong-wong.  Dadi Babe ora duwe pegawean sing maton. Uripe sarwa pas-pasan, nanging tetep bisa sekolah kaya kanca-kancane liyane.
Sawijining dina ing sekolahan Jupri diwenehi tugas saka gurune, tugase dikon gawe karangan sing nyeritakake kahanan pakaryane babene. Nanging Jupri isin arep nyeritakake kahanan kuwi. Jupri golek alesan supaya ora dikon maju macakake karangane ing ngarep kelas. Jupri isin karo kahanan pakaryane babene, amarga kanca-kancane sing wis maju, pakaryane babene wis apik, kerjane ing kantoran, lan saben minggune nek libur mesthi dijak dolan mlaku-mlaku.
Jupri kepengen ngrasakake kahanan sing kaya kanca-kancane kuwi mau. Nanging piye maneh, Babe ya mung penyanyi dangdut tanggapan. Satemene Jupri kuwi ora setuju babene dadi penyanyi dangdung kaya mangkono kuwi, nanging menawa babene ora kerja, ya apa sing bisa digawe urip sabendinane.
Nanging, ing sawijining dina Jupri ora mlebu sekolah, alesane lara mumet, nanging satemene kuwi Jupri ora mumet temenan nanging Jupri kuwi lagi nesu marang babene, lan wegah mlebu sekolah. Jupri di tawani mangan apa neng babene nanging Jupri wegah mangan. Mula babene mangkat menyang warunge lek sum lan mesen wedang kopi. Pas lagi wae lungguh ing warung ujuk-ujuk guru wali kelase Jupri telfon marang Babe, nakokake kena apa Jupri kok ora mlebu sekolah. Babe ngomong apa anane, yen Jupri lara. Dene lek sum nakoni Babe, Jupri lara apa? Babene banjur nyauri lara mumet karo panas, nanging bathuk e karo awake didemok ora panas, malah kaya wong sehat biasa, banjur lek sum angger olehe ngomong, mengko sanune Jupri kepengin ibu anyar apa kepengen babene nduwe gaweyan anyar.
Babe banjur langsung mulih marani anake, nanging anake ora ana ing omah. Babene bingung anggone goleki. Temune Jupri ana ing lapangan, lagi dolanan bal-balan karo bocah sing ora sekolah. Babe nyeluk lan marani Jupri banjur di jak mulih ing omahe. Jupri manut karo omongane babene. Babe ngomong neng Jupri yen babene oleh pakaryan anyar, yoiku dadi manajer ing perusahaan. Jupri seneng banget lan dadi sregep olehe sekolah, wektu pelajaran ngarang, Jupri ora alesan maneh, Jupri nyeritakake kahanan pakaryane babene sing saiki.
Wis pirang-pirang dino Jupri di apusi babene, nanging Jupri ora ngerti. Nalika Babe tangine kawanen lan ora sempet melu sarapan karo Jupri, hp ne babene ketinggalan lan pas kuwi ana wong telfon ngelingake menawa babene kuwi mengko bengi ana tanggapan gone hj. Amin, Jupri bingung lan plonga-plongo. Ora let suwe babene mbalik kanggo jupuk hp ne sing keri ing meja mangan. Nalika babene budhal makarya, Jupri langsung ngetutake menyang ngendi parane kerjane babene.
Jupri ngetutake babene terus, lan ora sida mangkat sekolah. Jupri kaget lan bingung, kena ngapa babene mlebu ing masjid kok ora mangkat nyang kerjanane, tibake babene mara ing masjid mung kangge turu ing kana, ora mangkat kerja kaya kasunyatan sing dikarepake dening Jupri. Jupri nangis ora percaya yen deweke diapusi babene kaya mangkono. Jupri banjur mulih menyang omah karo gawa rasa kuciwa ing atine.
Babe di telfon dening guru wali kelas e Jupri kena apa kok Jupri ora mlebu sekolah maneh, babene bingung la wong mau Jupri wis sragaman arep budhal sekolah. Langsung wae Babe mulih lan nemoni Jupri sing ana ngomah, langsung takon lan nyeneni Jupri, kena ngapa kowe ora sekolah karo nggebrak meja. Jupri mung ndeleng banjur mlayu ora semaur apa-apa. Nalika Babe arep nututi Jupri ndadak ana telpon saka kancane sing esuk mau ngelingake menawa Babe kuwi sida ana tanggapan ing omahe hj. Amin jam 7 mbengi. Babe bingung kudu kepriye, amarga anake mlayu ora ngerti nyandi parane.
Bengine Babe wis ing omahe hj. Amin nangin iseh wangu-wangu arep nyanyi opo ora, merga anake durung ketemu. Naming Jupri malah sing mara ing omahe hj. Amin lan menehi restu kanggo babene nyanyi. Babene seneng lan Jupri ya seneng. Jupri sadar lan nrima apa anane babene.


Hijab wus dadi trending topic

Katon meneka warna
Ana abang, kuning, ijo biru
Lan sakabehe werna

Ana sing munyer
Ana sing mubeng
Ana sing nyrempang
Ana sing awut-awutan

Jare iki jamane wus edan
Anggone nganggo hijab
Amung hijab-hijaban

Jare hijab wus dadi trending topic
Wus ora bisa di pungkiri maneh
Hijab amung dadi fasion
Wong kang dudu muslim padha nganggo hijab

Hijab dadi nutup kedok
Sing apik bakal apik
Sing ala amung kanggo trend
Pancene hijab eus dadi trending topic


Semarang, Oktober 2014

Ora Ana Sing Beda


Wengi iki kang dadi seksine
Kanthi abang ireng ing panganggo
Aku sing ora di anggep
Ora di anggep karo wong sing jaluk di ajeni

Panas ing manah
Panas ing netra
Panas ing pikir
Gawe cutheling panggalih

Ora ana sing sadar
Ora ana sing ngerti
Ing kene aku sing kasisih

Wus dak coba ngraketi
Wus dak coba ngancani
Kasunyatane kepriye?
Iseh pada kaya mangkana
Ajeg tanpa ana sing ganti

Semarang, Agustus 2014



Minggu, 04 Januari 2015

Aku Tresna Sliramu

Lantaran gurit iki
Aku bisa nyritakake
Kahanan kang dak rasakake

Aku tresna sliramu
Awit aku kenal sliramu

Nanging aku amung bisa meneng
Tan ana omonge

Aku ora bakal ngomong marang sliramu
Apa kasunyatane manahku

Ora dak sangka
Ora dak nyana
Sliramu nduweni rasa kang padha
Nanging aku amung bisa ngomong
Aku ora bisa

Najan ta atiku perih, ngomong kaya mangkono,
Ngomong apa sing ora kepengin dak omongake
Ngrintih ing jroneng manah
Ngempet luh kang wus kepengin tumetes

Jroning manahku,
Aku tresna sliramu
Ing kasunyatane
Aku durung bisa


Semarang, Oktober 2014