PARIBASAN 
          Yaiku unen-unen kang
ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha paribasan:
1. Anak catur mungkur 
    tegese : ora gelem ngrungokake rerasaning liyan kang ora
prayoga.
2. Keplok ora tombok 
    tegese :  melu seneng-seneng, nanging ora melu ngetokake
wragad.
3. Blaba wuda 
    tegese : merga seneng banget lomane, nganti awake dhewe nandhang
kacingkrangan.
BEBASAN
         Yaiku unen-unen kang ajeg
panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan
utawa sesipatane wong/barang. Wonge uga katut ing sajrone pepindhan nanging
kang luwih ditengenake kaanane utawa tindak-tanduke.
Tuladha bebasan :
1. Kocak tandha lukak 
    tegese : wong kang sugih omong pratandha durung akeh
kawruhe.
2. Sedhakep ngawe-awe 
    tegese : wis mareni marang tumindak ala  nanging ing
bathin isih kepingin nindakake maneh.
3. Ngubak-ngubak banyu bening
    tegese : gawe kerusuhan ing papan kang tentrem.
SALOKA
       Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa
teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge.
Tuladha saloka :
1. Gajah ngidak rapah
    tegese : wong kang nglanggar wewalere dhewe
2. Sumur lumaku tinimba   
    tegese : wong kang kumudu-kudu dijaluki warah
3. Lahan karoban manis 
    tegese : wong bagus/ayu rupane tur becik bebudhene
masih bingung bedanya saloka paribasan bebasan
BalasHapusmakasih infonya!!!
BalasHapuskunjungi balik ya... di
http://dsitech.blogspot.com
makasih infonya!!!
BalasHapuskunjungi balik ya... di
http://dsitech.blogspot.com
makasih infonya!!!
BalasHapuskunjungi balik ya... di
http://dsitech.blogspot.com
rebutan barang sepele,paribasane nopo njih......
BalasHapusParibasane asu rebutan balung
HapusRebutan bojo niku paribasane nopo nggeh
BalasHapusMatur suwun gae infone yo
BalasHapusMatur nuwun keterangan ne
BalasHapussendhakep ngawe-awe
BalasHapus