Ing dinten tiga welas, Arjuna ditantang
manih karo Sumpah Samsaptaka ing pojok kidul panggonan perang. Kaya sing
dikarepake, Drona ngatur serangane ing induk pasukan Pandawa ngangge rencana
kembang teratai. Ing pasukan Pandawa ana Yudhistira, Dristadyumna, Bhimasena,
Satyaki, Drupada, Chekitana, Gatotkaca, Kuntiboja, Yudhamanyu, Srikandi,
Uttamaujas, Wirata, Raja Kekaya, Raja Srinaya lan para kesatria liyane. Kabeh
pada dikawal anak buahe dewe-dewe.
Yudhistira wis ngerti sing dikarepake pasukan
Drona. Banjur diceluk Abhimanyu, ponakanne sing isih enom lan bagus. Kaya
Arjuna, bapakne, Abhimanyu pinter gunakake kabeh senjata.
“Putraku, dina iki Mahaguru Drona nyerang
kita gedhe-gedhean. Bapakmu wis mangkat perang ing sebelah kidul. Senadyan wonge
ora ana, kita bisa ngalahake musuh lan iku bisa dadi malapetaka marang kita.
Ora ana siji o wong sing bisa nembus rencanane Drona, sakliyane bapakmu lan
kowe. Karepe pakdhe, kowe gelem nglakokake tugas iki,” ngendikane Yudhistira
marang Abhimanyu.
“Inggih, Pakdhe, kula gelem nglakokake.
Bapak sampun ngajari carane nembus rencana kaya iku, tapi kula dereng pernah
sinau carane mentu,” ngendikane kesatria enom iku.
“Putraku sing gagah, jebolen rencana sing
kuat iku lan gawe dalan mlebu supaya kita bisa ngetutake saka mburi. Banjur,
kita ngewangi kowe,” ngendikane Yudhistira.
Usulane Dharmaputra didukung Bhimasena,
sing kudhu langsung nyusul keponakane upama Abhimanyu bisa mlebu nembus rencana
kembang teratai iku. Ing mburi Bhimasena ameh nyusul Dristadyumna, Satyaki,
Raja Panchala, Raja Kekaya, lan pasukan Kerajaan Matsyadesa.
Iling sing diajarake bapakne lan Krishna
melu menehake semangat marang pakdhe-pakdhene, Abhimanyu ngendika, “Inggih,
kula kepingin ngabulake sing dikarepake Bapakku lan pakdheku. Tak taruhake
kekendelanku lan nyawaku marang menange Pandawa.”
Yudhistira maringi restu marang kesatria
enom iku. Nganggo kareta kesayangane sing dilakokake Sumitra, Abhimanyu mangkat
nglakokake tugas suci sing dipercayakake marang pakdhene. Kareta sing ditarik
papat jaran gagah iku banjur meluncur nembus jantung formasi kembang teratai,
kaya singa membelah gerombolan gajah rosa.
Tekane Abhimanyu ing tengah-tengah
kekuatan Kaurawa nggawe sebelah prajurit Kaurawa kuatir. Kabeh pada ngerti,
kesatria enom iku ameh podho sakti lan pintere karo bapakne, Arjuna. Sakwise
Abhimanyu maju paling rosa, pasukan Kaurawa mundur lan sigar dadi loro.
Jayadrata, raja Negeri Sindhu, sing
ndukung Kaurawa yaiku wong pinter siasat lan carane tempur sing disegani musuh
utawa kanca. Wonge nugel sigaran sing digawe Abhimanyu, gawe kesatria enom iku
kejebak. Bhimasena lan sing liyane dicegat, ora bisa nyusul Abhimanyu lan kudhu
ngadepi pasukan sing dipimpin Jayadrata.
Naging, Abhimanyu terus maju nyerang musuh
sing jumlahe ewon. wonge nyerang saka sisih tengen lan sisih kiwa, ora perduli
sapa wae sing di adepi. Ora keitung akihe mayit ing pihak Kaurawa sing tiba
kaya wit-wit ambruk diamuk angin topan. Tombak, gada, pedang, busur, anak panah
lan bola-bola besi kececeran ing endi-endi. Mayit-mayit pada numpuk-numpuk. Ana
sing ndase tugel, sikile tugel, tangane tugel, ana sing awakke belah.
Weruh kaya ngono, Duryodhana kepingin maju
ngadepi Abhimanyu. Mahaguru Drona sing ngerti kekuatan, kekendelan lan nyaline
Abhimanyu, kepeksa ngirimake bantuan kangge mengawal Duryodhana supaya pangeran
Kaurawa iku ora seda ing tanganne Abhimanyu. Duryodhana ameh wae seda, tapi
diselamatake karo para pengawalnya.
Akhire, ora isin utawa pekiwuh, para
senapati Kaurawa nglanggar kabeh aturan perang. Bebarengan pada ngroyok putra
Arjuna, saka kabeh arah lan nganggo kabeh cara. Drona, Aswatthama, Kripa,
Karna, Sakuni, Duhsasana lan para kesatria gedhe sing patut dihormati, ora isin
utawa ora ragu nyerang Abhimanyu sing dhewekan tanpa pasukan lan tanpa rewang ing
tengah ewonan musuh. Abhimanyu diumpamakke kaya kapal cilik sing ora duwe daya
digulung ombak ing laut gedhe sakwise badai topan ngamuk paling gedhe. Tapi
Abhimanyu tetep nekad terus nglawan, kaya kapal sing terus maju mecah ombak lan
nglawan angin.
Asmaka nyerang Abhimanyu nabrakake
karetane sing dipacu banter kaya angin. Tapi Abhimanyu ngalangi karo mesem.
Pertarungane sing ora imbang antarane kesatria enom sing durung pengalaman
nglawan puluhan kesatria sakti sing uwis pengalaman gawe wong iba marang Abhimanyu.
Wonge bisa ngremukake senjatane Karna lan nyerang Salya nganti kesatria loro
sing uwis ora enom manih iku lara parah. Sodarane Salya mbales nggempur
Abhimanyu, tapi wonge ya bisa dikalahake. Abhimanyu ngremukake karetane.
Drona terharu nyaksikake Abhimanyu tempur
paling gagah. wonge ngendika marang Kripa, “Ana sing bisa nandingi kekendelane
Abhimanyu? Pancen wonge bocah enom sing perkasa lan wani!”
Duryodhana, sing kebetulan ngadek ing
cedhake Kripa, kesinggung sakwise ngrungukake omongane Drona. Wonge pancen
cepet emosi.
“Guru mesti ndukung Arjuna. Guru ora gelem
mateni Abhimanyu,” ngendikane Duryodhana karo curiga, kaya pas curiga marang
Bhisma.
Pancen, awit cilik Duryodhana uwis duwe
watak elek. Kabeh perbuatanne nyurung kanggo nambah kesalahane lan dosane.
Sesuk wonge bakal entuk karmaphala sabab ulahe dhewe.
Duhsasana isin, tapi ya serik lan iri
namatake kendele Abhimanyu. Banjur wonge nantang Abhimanyu, “Hai bocah enom,
kowe mesthi mati ing tanganku,”
Sakwise ngucapake tantangan kuwi, wonge
langsung nyerbu. Serangane diadepi Abhimanyu. Banjur, Abhimanyu bisa ngalahake
Duhsasana. Sing akhir, Abhimanyu nguncalake bola besi, pas ngenai kepala
Duhsasana. Kesatria Kaurawa iku tiba ing njero karetane, ora obah. Untunge,
sais e cepet-cepet gawa mlayu mundur.
Ananging para pasukan Pandhawa ora bisa nututi Abhimanyu. Amarga para
pasukan Pandhawa dihadang karo pasukane Kurawa sing di pimpin Jayadrata,
mantune Dristarasta. Jayadrata nyerang Yudhistira. Dharmaputra nguncalake
tombake pas ngenani busure Raja Shindhu. Ananging, nganggo busur anyar,
Jayadrata manah Dharmaputra, pas ngenani karetane. Bhismasena ngewangi Yudhistira
manah karetane Jayadrata, panahe pas ngenani payung kebesaran lan panji-panji
karetane. Jayadrata males nganggo papat panah langsung. Jarane Bhimasena sing
cacahe papat kabeh langsung mati. Bhima kapeksa melu ing karetane Satyaki.
Kaya kaya banjir ing desa lan sawah, Abhimanyu terus maju pantang mundur. Akeh
para prajurit sing gugur ing tangane kesatria enom unggulane Pandhawa. Putra
Duryudana, Laksmana, sing iseh enom lan gagah, maju ngadepi Abhimanyu. Putra
Dewi Subadra lan Arjuna nyambut Laksmana nganggo bal wesi sing mengkilap. Bal wesi
kuwi maleset nembus dadane putune Dritarasta. Kesatria kuwi tiba, banjur gugur.
Kurawa ngrasa kelangan Laksmana, Putra Duryudhana.
Krungu kabar matine anake, Duryodhana ngamuk, deweke mbengok, ngancem
Arjuna, “ he Abimanyu! Wani temen kowe mateni anakku. Tampanen walesanku!”.
Deweke banjur ngakon nem ksatria Kurawa sing wis nduweni pangalaman akeh,
yoiku Drona, Kripa, Karna, Aswatthama, Brihatbala dan Kritawarma kanggo ngepung
anake Arjuna saka buri, ngarep, kiwa lan
tengen.
“ora mungkin nundukake nonoman iki tanpa ngrusak kretane disik” Pambengoke
Drona. Deweke ngakon Karna mbidik jarane Abhimanyu sadurunge nyerang ksatria
kuwi.
Tanpo isin para ksatria Kurawa nglanggar aturan perang lan nyerang
Abhimanyu saka kabeh arah. Panahe Karna nganani tali kusire kretane Abhimanyu
dadine jarane ora kena di kendalekake. Banjur Karna nyerang Sumitra, sais kreta,
lan jaran sing cacahe papat kuwi. Sumitra lan jaran-jaran kuwi mau mati
langsung. Ananging Abhimanyu terus maju pantang mundur, maju nglawan
mungsuh-mungsuh nganggo pedange.
Kabeh lawane kagum lan ngrasa isin ndeleng Abhimanyu sing tangkas lan
kendel. Drona nebas pedange Abhimanyu nganti pedange pecah, dene Karna ngrusak
perisaine Abhimanyu nganggo panahe.
Abhimanyu terus nglawan, Abhimanyu njupuk ban kretane sing wis morat-marit,
dianggo senjatane, dianggep wae cakra. Kanggo nglindungi awake dewe.
Ing kahanan sing kaya mengkene iki, Abhimanyu diserang nganggo macem-macem
senjata. Kaya tombak, gada, busur, pana, perisai, lembing, pedang, lan
sapiturute. Roda kreta sing dianggo cakra mau rusak. Nanging Abhimanyu terus
nglawan.
Ananging, arep kuwate kaya ngapa yen perang tanpa senjata lan posisine lagi
di kroyok wong akeh, wis mesthi kalahe.
Ngerti yen Abhimanyu tiba, para Kurawa langsung mateni Abhimanyu. Ana sing
mbidik, ana sing nombak, ana sing nusuk nganggo lembing, ana sing nuthuk
nganggo gada.
Kabeh siksaan kuwi mau ditimpakake menyan awake Abhimanyu. Kabeh kuwi
dilakoni kanthi bebungahane para Kurawa, kaya iblis lan setan. Para kurawa
ngubengi awake Abhimanyu sing wis ora wutuh maneh.
Yuyutsu, salah siji anake Dritarasta sing melu ngroyok Abhimanyu ngrasa
kuciwa karo polahe senapati Kurawa.
“anggenipun panjenengan mateni Abhimanyu menika boten becik!
Panjenengan-panjenengan sedaya inggih menika maha ksatria agung. Punapa
panjenengan-panjenegan sampun boten kemotan ngenani etika lan moral wonten ing
perang? Kudune panjenengan-panjenengan isin karo kelakuane panjenengan amargi
sampun joged-jogedan ing jasde mungsuh sing panjenengan pateni kanthi keji.
Punapa pantes ngoten niku? Saniki panjenengan saged seneng-seneng, ananging
panjenengan-panjenengan mesthi bakale nampa hasile panjenengan sing kaji.”
Sawise ngomong kaya mengkono, Yuyutsu ninggalake medan Kurukhsetra kanggo
selawase. Deweke ora wedi mati ing medang perang, ananging deweke wis ora
seneng karo cara perange Kurawa kuwi. Deweke ngerti banget yen kelakuan kaya
mengkono kuwi ora pantes kanggo kalangan ksatria sejati. Deweke nyindir para
senapati Kurawa kanthi tajem. Mungkin kabeh nganggep Yuyutsu penghianat,
ananging sabenere, deweke kuwi nduweni sifat sing jujur lan apik, sing sesuai
karo nuranine ksatria.
“sing jahat bakal tetep jahat, sing keji kudu tetep di ukum, sing nglakoni
mesthi bakale metik asile”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar