IBU DENING POERWADHIE ATMODIHARJO
Judul : IBU
Panyerat : Poerwadhie Atmodiharjo
Penerbit : Organisasi Pengarang
Sastra Jawa (OPSJ)
Tahun terbit : 2013
Jumlah halaman : 101 Halaman
Ing novel iki penulis
nyaritakake kahanan uripe Prawita sing sarwa kekurangan. Prawita sing uripe
mung pas-pasan kuwi duweni anak papat, anake sing nomer siji nganti nomer
telu wadon lan sing wuragil lanang siji.
Anake Prawita duweni jeneng Rahayu, Lestari, Subekti, lan Lungiding Lukita.
Dene bojone Prawita jenenge Minarni.
Prawita
dikucilna karo kaluwargane, amarga deweke nikahan karo Minarni sing anake wong
cilik. Minarni kang anake tukang jait pasaran, dianggep ora pantes sesandhingan
karo Prawita sing anake pejabat pemerintahan. Kuwi amarga Prawita lan Minarni dianggep
ora sepadhan utawa ora sederajat, kaya sing dikarepake bapake Prawita.
Prawita
jan-jane wis dijodohake karo anake kancane bapake, anangin Prawita ora gelem
amarga Prawita wis pacaran karo Minarni. Mula saka kuwi Prawita milih minggat
saka omahe. Kuwi ndadekake bapake Prawita duka, bapake Prawita nganti ngomong
menawa Prawita ora gelem nuruti apa sing dikarepake bapake mula deweke bakal
ora di anggep anak maneh, lan deweke ora oleh mara menyang omahe maneh.
Nganti
tekane bapake Prawita wis seda, Prawita iseh ora diolehi mara menyang omahe
saperlu sowan karo ibune. Amarga sipate bapake Prawita sing angkuh, kaku, tur
menangan dhewe kuwi nurun menyang kangmase Prawita sing jenenge Pramana. Dadine
kangmase iseh ora ngolehi Prawita mara menyang omahe.
Ing
sawijining wektu, Prawita ngrasa kangen banget karo ibune, dheweke ora bisa
ngempet rasa kangene ing ati. Prawita nekat mara menyang omahe saperlu arep
sowan karo ibune sing paling ditresnani. Ibune Prawita beda karo bapak lan
kangmase Prawita, amarga ibune Prawita kuwi satemene ora lila yen Prawita ora
diolehi mara menyang omahe dhewe.
Ibune
Prawita nduweni jeneng Raden Ayu Bratapanata. panjenengane isih asring ndelik-ndelik
ketemu karo Prawita, isih asring nakokake kabare Prawita menyang Mbok Jiami,
wong sing rewang-rewang ngresiki omah ing omahe Raden Ayu Bratapranata lan wis
taun-taunan lawase melu Raden Ayu Bratapanata.
Prawita
lunga menyang Ngawi, sowan gone ibune karo ngajak anake sing cilik dhewe
lanang, yoiku Lukita. Niate supaya ibune pethuk karo putune, amarga Pramana lan
Rustiningsih (bojone Pramana) durung duweni anak, dadine ibune Prawita mung duweni
putu saka Prawita tok.
Prawita
mara ing omahe kaya wong arep maling, lon-lonan, wedi nek kangmase utawa
mbakyune weruh yen dheweke ana kono. Ora weruh yen Pramana lan Rustiningsih
jebule ora ana ngomah. Prawita bungah banget atine, amarga dheweke bisa ketemu
karo ibune kang paling ditresnani.
Sasuwene
ana ing dalan, Prawita lan Lukita omong-omongan terus, dadine adohe Ngawi ora
patia dirasakake. Sawise tekan Ngawi Prawita ndudohake omahe eyange Lukita.
Lukita nggumun ngerti omah kuwi, amarga omahe beda banget karo omahe. Omahe
eyange gedeh banget tur endah dene omahe cilik tur elek.
Prawita
langsung ngajak Lukita mlebu lewat buri, dadine Prawita lan Lukita langsung
njujuk pawon. Ing kono Prawita ketemu karo Mbok Jiami sing lagi nggoreng tempe.
Weruh
yen Prawita mara, Mbok Jiami bungah banget banjur Mbok Jiami langsung ngladeni
Prawita lan Lukita. Sinambi goreng tempe, Mbok Jiami gegujengan karo Prawita
lan Lukita. Ora let suwe Prawita kepengin goleki ibune, mula Prawita takon
marang Mbok Jiami ibune ana ngndi, Mbok Jiami mangsuli yen Raden Ayu Bratapranata
ana ing papiliyun.
Banjur
Prawita lan Lukita enggal mara menyang papiliyun, supaya bisa langsung ketemu
karo ibune saperlu sowan lan kepengin ngilangi rasa kangen ing atine. Sawise
suwe omong-omongan, ujuk-ujuk si Pramana lan bojone wis bali. Prawita arep
enggal-enggal bali nanging dipenging karo ibune.
Pramana
lan Rustiningsih weruh ana bocah cilik ing papiliyun banjur diparani, ing kono
Pramana langsung mosine mbledos, amarga dheweke weruh ana Prawita ing kono.
Pramana langsung muring-muring menyang Prawita.
Ing
kene Raden Ayu Bratapranata nengahi, tanpa mihak sapa-sapa. Raden Ayu
Bratapranata menehi pangerten yen wong loro kuwi sedulur, dudu musuh sing
saben-saben ketemu banjur padu. Raden Ayu Bratapranata kepengin anak-anake kuwi
pada akur, ora mungsuhan terus. Raden Ayu kepengin nduweni keluwarga sing
jangkep. Sawise suwe debat wong telu, Pramana banjur nuruti apa sing dikarepake
dening ibune. Pramana bisa narima Prawita maneh dadi kaluwargane.
Kabeh
pada sowan menyang omahe Pak Marta Ranti kanggo silaturahmi lan ndandani
hubungan kekeluargane supaya dadi keluwarga sing sampurna.
Kuwi mau
kisaran isine novel sing judule Ibu,
ing novel iki panyerat nganggo bahasa sing penak di pahami kanggo para pamaos
awam. Anggone panyerat nyeritakake kahanan uripe Prawita dijlentrehake kanthi
jelas tur cetha. Ing novel iki panyerat migunakake bahasa sing asring dinggo
bendinane ing masyarakat. Kayata; dimar senthir, pengageman sing saanane.
Novel
iki mung nganggo judul IBU ora ana sub judule, sing biyasane ana ing buku-buku
liyane. Buku iki judule mung siji tok, nanging ceritane maju mundur, sing
kudune di pisah-pisahake supaya rada narik niate para pamaos supaya macane
tambah sengkut. Tuladhane; sing bagian siji di wenehi jaman uripe Prawita sing
wis nikahan karo Minarni, sing bagian loro di wenehi caritane Prawita nalika
iseh sekolah, bagian papat diwenehi lakon uripe Prawita nalika di jodohake,
nanging Prawita ora gelem terus meksa dheweke minggat saka omah, bagian papat
diwenehi ceritane prawita sing mara sowan menyang omahe ibune, lan sing pungkas
sing bagian lima diwenehi cerita sing akhire Prawita mbalik akur maneh karo
kaluwargane, dadine bisa urip mulya.
Paling
ora ing novel iki mau di perang dadi limang sub judul supaya inti ceritane bisa
di trima kang cetha. Saka olehku maca buku iki ana lima inti ceritane yo kaya
kuwi mau sing wis tak babarake ana ing nduwur kono mau.
Satemene
novel iki judul Ibu, samesthine
paling ora ibu dadi lakon utamane utawa asring metu ing saben-saben lakon ananging
ing isine iki dudu ibu sing dadi lakon untama tapi Prawita sing dadi lakon
utamane.
Novel
iki migunakake alur campuran amarga ing kene awal-awal langsung nyeritakake
uripe Prawita sing wis nikahan karo Minarni, bar kui nyeritakake kahanan uripe
Prawita nalika iseh sekolah, banjur bali maneh menyang uripe sing saiki. Dadine
ing kene allure campuran.
Sing isa
di jupuk saka isine novel iki yokuwi;
1. Dadi
manungsa kudu bisa sabar lan narima ing pandum.
2. Duwe
sedulur kuwi kudu di jaga kekeluargaane, aja nganti mungsuhan karo sedulure
dhewe.
3. Dhewe
sing termasuk uwong sing nduwe aja nganti nganggep wong liya rendah, najan
pangkate pancen dhewe sing luwih duwur.
4. Aja
nganti gawe kuciwane wong tua.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar