Pengin kekancan
Cahyaning wulan kang
katon ngumbara 
Ana ing ara-ara jembar
bawana
Katon cumloroting
lintang
Lintang kang jumejer
ing awang-awang
Ana siji sing dadi
titikanku
Lintang kang sumunar
ing ngarepku
Ngelingake aku marang
sliramu 
Priya kang dadi
pangisen ing sabendinaku
Katon cetha ing
pilingan 
Ana pepengin kang
temenan
Ananging pepinginan
kuwi ora bisa kalaksanan
Amarga luwih becik
nalika kekancan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar