Senin, 05 Januari 2015

Jupri lan Babe


Ing omah Jupri mung urip karo babene tanpa biyung. Jupri urip karo babene sing nduweni pakaryan dadi penyanyi dangdut ing hajatane uwong-wong.  Dadi Babe ora duwe pegawean sing maton. Uripe sarwa pas-pasan, nanging tetep bisa sekolah kaya kanca-kancane liyane.
Sawijining dina ing sekolahan Jupri diwenehi tugas saka gurune, tugase dikon gawe karangan sing nyeritakake kahanan pakaryane babene. Nanging Jupri isin arep nyeritakake kahanan kuwi. Jupri golek alesan supaya ora dikon maju macakake karangane ing ngarep kelas. Jupri isin karo kahanan pakaryane babene, amarga kanca-kancane sing wis maju, pakaryane babene wis apik, kerjane ing kantoran, lan saben minggune nek libur mesthi dijak dolan mlaku-mlaku.
Jupri kepengen ngrasakake kahanan sing kaya kanca-kancane kuwi mau. Nanging piye maneh, Babe ya mung penyanyi dangdut tanggapan. Satemene Jupri kuwi ora setuju babene dadi penyanyi dangdung kaya mangkono kuwi, nanging menawa babene ora kerja, ya apa sing bisa digawe urip sabendinane.
Nanging, ing sawijining dina Jupri ora mlebu sekolah, alesane lara mumet, nanging satemene kuwi Jupri ora mumet temenan nanging Jupri kuwi lagi nesu marang babene, lan wegah mlebu sekolah. Jupri di tawani mangan apa neng babene nanging Jupri wegah mangan. Mula babene mangkat menyang warunge lek sum lan mesen wedang kopi. Pas lagi wae lungguh ing warung ujuk-ujuk guru wali kelase Jupri telfon marang Babe, nakokake kena apa Jupri kok ora mlebu sekolah. Babe ngomong apa anane, yen Jupri lara. Dene lek sum nakoni Babe, Jupri lara apa? Babene banjur nyauri lara mumet karo panas, nanging bathuk e karo awake didemok ora panas, malah kaya wong sehat biasa, banjur lek sum angger olehe ngomong, mengko sanune Jupri kepengin ibu anyar apa kepengen babene nduwe gaweyan anyar.
Babe banjur langsung mulih marani anake, nanging anake ora ana ing omah. Babene bingung anggone goleki. Temune Jupri ana ing lapangan, lagi dolanan bal-balan karo bocah sing ora sekolah. Babe nyeluk lan marani Jupri banjur di jak mulih ing omahe. Jupri manut karo omongane babene. Babe ngomong neng Jupri yen babene oleh pakaryan anyar, yoiku dadi manajer ing perusahaan. Jupri seneng banget lan dadi sregep olehe sekolah, wektu pelajaran ngarang, Jupri ora alesan maneh, Jupri nyeritakake kahanan pakaryane babene sing saiki.
Wis pirang-pirang dino Jupri di apusi babene, nanging Jupri ora ngerti. Nalika Babe tangine kawanen lan ora sempet melu sarapan karo Jupri, hp ne babene ketinggalan lan pas kuwi ana wong telfon ngelingake menawa babene kuwi mengko bengi ana tanggapan gone hj. Amin, Jupri bingung lan plonga-plongo. Ora let suwe babene mbalik kanggo jupuk hp ne sing keri ing meja mangan. Nalika babene budhal makarya, Jupri langsung ngetutake menyang ngendi parane kerjane babene.
Jupri ngetutake babene terus, lan ora sida mangkat sekolah. Jupri kaget lan bingung, kena ngapa babene mlebu ing masjid kok ora mangkat nyang kerjanane, tibake babene mara ing masjid mung kangge turu ing kana, ora mangkat kerja kaya kasunyatan sing dikarepake dening Jupri. Jupri nangis ora percaya yen deweke diapusi babene kaya mangkono. Jupri banjur mulih menyang omah karo gawa rasa kuciwa ing atine.
Babe di telfon dening guru wali kelas e Jupri kena apa kok Jupri ora mlebu sekolah maneh, babene bingung la wong mau Jupri wis sragaman arep budhal sekolah. Langsung wae Babe mulih lan nemoni Jupri sing ana ngomah, langsung takon lan nyeneni Jupri, kena ngapa kowe ora sekolah karo nggebrak meja. Jupri mung ndeleng banjur mlayu ora semaur apa-apa. Nalika Babe arep nututi Jupri ndadak ana telpon saka kancane sing esuk mau ngelingake menawa Babe kuwi sida ana tanggapan ing omahe hj. Amin jam 7 mbengi. Babe bingung kudu kepriye, amarga anake mlayu ora ngerti nyandi parane.
Bengine Babe wis ing omahe hj. Amin nangin iseh wangu-wangu arep nyanyi opo ora, merga anake durung ketemu. Naming Jupri malah sing mara ing omahe hj. Amin lan menehi restu kanggo babene nyanyi. Babene seneng lan Jupri ya seneng. Jupri sadar lan nrima apa anane babene.


Hijab wus dadi trending topic

Katon meneka warna
Ana abang, kuning, ijo biru
Lan sakabehe werna

Ana sing munyer
Ana sing mubeng
Ana sing nyrempang
Ana sing awut-awutan

Jare iki jamane wus edan
Anggone nganggo hijab
Amung hijab-hijaban

Jare hijab wus dadi trending topic
Wus ora bisa di pungkiri maneh
Hijab amung dadi fasion
Wong kang dudu muslim padha nganggo hijab

Hijab dadi nutup kedok
Sing apik bakal apik
Sing ala amung kanggo trend
Pancene hijab eus dadi trending topic


Semarang, Oktober 2014

Ora Ana Sing Beda


Wengi iki kang dadi seksine
Kanthi abang ireng ing panganggo
Aku sing ora di anggep
Ora di anggep karo wong sing jaluk di ajeni

Panas ing manah
Panas ing netra
Panas ing pikir
Gawe cutheling panggalih

Ora ana sing sadar
Ora ana sing ngerti
Ing kene aku sing kasisih

Wus dak coba ngraketi
Wus dak coba ngancani
Kasunyatane kepriye?
Iseh pada kaya mangkana
Ajeg tanpa ana sing ganti

Semarang, Agustus 2014



Minggu, 04 Januari 2015

Aku Tresna Sliramu

Lantaran gurit iki
Aku bisa nyritakake
Kahanan kang dak rasakake

Aku tresna sliramu
Awit aku kenal sliramu

Nanging aku amung bisa meneng
Tan ana omonge

Aku ora bakal ngomong marang sliramu
Apa kasunyatane manahku

Ora dak sangka
Ora dak nyana
Sliramu nduweni rasa kang padha
Nanging aku amung bisa ngomong
Aku ora bisa

Najan ta atiku perih, ngomong kaya mangkono,
Ngomong apa sing ora kepengin dak omongake
Ngrintih ing jroneng manah
Ngempet luh kang wus kepengin tumetes

Jroning manahku,
Aku tresna sliramu
Ing kasunyatane
Aku durung bisa


Semarang, Oktober 2014

Senin, 15 Desember 2014

Guyon

Parno:“Ni, ana barang yen dipotong bola-bali nanging tetep panjang, ora dadi cendhak. Apa kuwi Ni?”
Parni:“Kowe ki senengane ngayawara, jeneng kabeh barang yen dipotong-potong ya dadi cendhak.”
Parno:“Lha bisa apa ora, kok malah ngeyel.”
Parni:“Wegah nggagas No. Pitakon kok ora logis!”
Parno:“Wis KO tenan ya?”
Parni:“Halah ndang jawaben dhewe! Paling-paling ya ora bisa.”
Parno:“Gampang kuwi Ni. Jawabe kacang panjang. Dipotong mbokmu kaping pira wae tetep kacang panjang ta?”
Parni:!!??????….. (kir: Agus Junaedi, Perum Warak-Salatiga)

Ripto:“Sir, coba golekana jeneng kewan sikil papat sing nganggo aksara mburi ng cacah 7 bae.”

Basir:“Ya gampang kuwi: 1.Bantheng 2.Celeng 3.Kucing 4.Kidang lan 5.eee apa ya?”
Ripto:“Wis katog ta lehmu mikir?”
Basir:“Iya Rip. Katog banget aku.”
Ripto:“Jeneng kewan cacah 7 sing nganggo aksara mburi ng iku: 1.Bantheng 2.Celeng 3.Kucing 4.Kidang 5.Kebo meteng 6.Wedhus meteng 7.Sapi meteng.”
Basir:“Wah wah akal-akalan kowe ya?”
(kir: Suchamad Ampelgading Pemalang)

Jeneng kutha

Heru:“Jon, coba golekana jeneng kutha ing Indonesia sing dumadi saka jeneng kewan lan jeneng manungsa, cacah loro bae!”
Joni:“Wah lha wong siji bae durung nemoni kok cacah loro. Nyerah ah.”
Heru:“Ya ora dadi apa, aja dipeksa mundhak dadi rekasa.”
Joni:“Njur bedhekane kutha apa?”
Heru:“Iya saka panalitenku, kutha ing Indonesia sing dumadi saka jeneng manungsa lan jeneng kewan iku: 1.Sura + baya = Surabaya 2.Manuk + Wari = Manukwari. Iya ta?”
Joni:“Wah iya bener mas Her.”
(kir:Suchamad Ampelgading Pemalang)

Jeneng kang cengkah karo wujude

Budhi:“Dhu, kanggo nyegah ngantuk mbok ayo bedhekan.”
Badhu:“Iya, hayo tak ladeni sakarepmu.”
Budhi:“Nyata kowe wasis hayo badhenen, biasane jeneng iku cocog karo wujude, contone pasar                besar pas banget sebutan kanggo pasar kang pancen gedhe, lha saiki sebutna jeneng panggonan kang ora cocog karo wujude.”
Badhu:“Wah kok angel ya, wis tulung badhene dhewe kono.”
Budhi:“Ya aja gampang nyerah ta, dipikir dhisik.”
Badhu:“Tinimbang mumet, katog aku badarna dhewe kono gelis.”
Budhi:“Jeneng panggonan sing gak cocog karo wujude iku mono Cilik Riwut, lapangan montor                    mabur ing Palangkaraya, senajan jenenge cilik ananging wujude gedhe, amarga yen       wujude ora gedhe kan ora bisa dipanggoni montor mabur sing pancen gedhe-gedhe        pesawate.”
Badhu:“Oo iya ya, tibane aku sing bodho.”
(kir:Sariman, Ponorogo)

Pasar

Badhu :“Ganti aku sing mbadheki, aku moh kalah yen mung mangkono wae.”
Budhi :“Hayo gelis, apa badhekane kene tak batange.”
Badhu :“Jeneng pasar ki adhakane cocog karo barang sing didol, contone pasar hewan         pancen ing papan kono kanggo dol tinuku kewan, tapi iki ana jeneng pasar sing blas gak            cocog karo sing didol.”
Budhi :“Wah apa ya, yen pasar sepedha iku panggonan kanggo dol tinuku sepedha, pasar    sayur ya papan kanggo dol tinuku sayur, katone gampang kok angel ya.”
Badhu :“Aja kesuwen mikire enggal nyerah wae.”
Budhi :“Ya wis katog aku, kono badarna dhewe.”
Badhu :“Iku mono pasar sepur ing Madiun, senajan jenenge pasar sepur ing kono blas gak               kanggo dodol sepur.”                        (Pasar Sepur arane pasar tradhisional ing                       Madiun).
Budhi :(Karo sewot) “Lha yen ing kono ana sing dodol sepur apa ya arep mbok tuku?”
Badhu :(Karo males sewot) “Lha umpama aku bisa tuku sepur apa awakmu gelem      mikulne.”
Budhi :“Ya wis satu-satu yen ngono.”
(kir: Sariman, Ponorogo)

ODAYA


( OBROLAN BUDAYA JAWA )
Assalamu’alaikum wr. wb.
            Para sesepuh, ingkang satuhu kula bektani, para rawuh undangan ingkang binagya mulya, para kadang mitra pitepangan ingkang kinurmatan mugya kawilujengan saha karaharjan tetepa kajiwa kasarira dumateng panjenengan sedaya.
            Langkung rumiyin, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken manengku puja-puji syukur unjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Engkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan dhumateng kita sami. Kacihna ing hari kalenggahan punika kita taksih dipun keparengaken kempal manunggal nir baya nir ing sambekala.
            Shalawat dalah salam mugya tetep kaluberaken dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW panutan sedaya umat, ingkang sampun ambekta ing margining kesaenan, saha ingkang satuhu kita ajeng-ajeng safaat pitulunganipun mbenjang ing dinten akhir.
            Kula ingkang jijener pinangka pranatacara, keparengan langkung rumiyin badhe nepangaken nama kula Ririn lajeng pembicara ing adicara menika wonten  Kang mas Liil Aznul saking Semarang ingkang pemateri paling top, lan wonten Mbakyu Laila Novita saking Pekalongan menika nggih pemateri paling top.
            Dalu menika ODAYA badhe ngrembak babagan budaya jawa ing Jawa Tengahan, inggih menika “Budaya ing Semarang” kalian “Batik Pekalongan”. Langsung mawon kula pitaken budaya Semarang sami Kangmas Liil.
Ririn      : Budaya ing Semarang, ing era modern menika tasih wonten napa mboten sisa-sisa budaya traditional?
Liil         : ing era modern menika nggih tasih wonten budayaan ing Semarang, saking ewon-ewonipun penduduk ing Semarang wonten katah kebudayaan lan nduweni cirikhas piambak-piambak. Sedaya niku berkembang saking Jawi, Tionghua, lan Arab. Merujuk ing wungon sejarah lan name-nami panggen ing Semarang, mila kebudayaan ingkang ing kala lajeng berkembang kados Islam, Tionghua, Eropa lan Jawi. Kaping sekawan kebudayaan kasebat berbaur ingkang berpengaruh wigati ing perkembangan Semarang tempo dulu. Tirah kebudayaan kesebat taksih ngadeg kaliyan kokoh diterpa budaya modern ingkang wonten di sekitar peken Johar ( Kali Mberok ).
Ririn      : Budaya traditional ingkang tasih eksis ing Semarang punika menapa mawon nggih?
Liil         : Kabudayaan ingkang tasih eksis punika nggih enten Sadranan kaliyan Dugderan utawi sak-werni arak-arakan. Nggih ing era modern enten, nanging punika namine karnaval Night Semarang.
Ririn      : Nah, kula kepingin tanglet ngenani Dugderan punika budaya ingkang kados pundi?
Liil         : Dugderan punika acara kangge pehelatan warga kota Semarang lebet saperlu menyambut dathengipun wulan suci ramadhan.
Ririn      : menapa ingkang ndamel Dugderan tasih eksis ing Semarang, napa enten samukawis hal ingkang khas utawi napa?
Liil         : Ingkang ndamel Dugderan tasih eksis punika, amargi Dugderan punika campuran budaya ingkang enten ing Semarang. Perpaduan budaya niki sangug dipersani ing “Warak Endog”, yaiku setunggal boneka kewan buta mitologis ingkang dipungambaraken dados symbol utawi wakilan akulturasi budaya saking keragaman etnis ingkang enten ing Semarang. Kunjukan-kunjukan badanipun badan saking sirah naga (cina), badan buraq (Arab), lan suku menda (Jawi). Tembung warak piyambak asalipun saking basa Arab “ Warak’I” ingkang nduwe artos suci. Lan Endog (tigan) disimbolkan dados pikantuk pahala ingkang dipundeningaken uwong saksampune saderengipun ngradini proses suci. Sacara harfiah, warak ngendog saguh dipunartosaken dados sinten kamawon ingkang njagi kesucian ing wulan Rhamadhan, mbenjing ing akhir wulan badhe nyagedaken pahala ing dinten lebaran.
Ririn      : Waukan criyosipun dugderan punika sak-werni arak-arakan ndamel menyambut wulan ramadhan, arak-arakan kasebat dipunndhereki dening sinten kamawon mas? Napa pejabat-pejabat gedhe Semarang ugi ndhereki acara kasebat?
Liil         : Arak-arakan kasebat dipundhereki dening sedaya warga kota Semarang, awiti saking anak-anak ngantos tiyang sepuh. Biyasanipun sadereng acara dipunawiti, punika diawali sambutan saking Bapak Walikota Semarang. Dados, para pejabat-pejabat gedhe ing Semarang punika ugi ndhereki arak-arakan.
Ririn      : Pamanah panjenengan babagan budaya dugderan punika kados pripun?
Liil         : Miturut kula, dugderan punika salah satunggal kebudayaan ingkang taksih majeng saking jaman riyen sakmriki ingkang taksih dipundhereki dening sedaya masyarakat Semarang. Dados punika sae konjuk dipunlajengaken ngantos masa ingkang datheng.
IKLAN
            Yah, wangsul malih sarengan kula, tasih ing ODAYA ( Obrolan Budaya Jawa ) waukan sampun mbahas tentang kabudayaan ingkang enteng ing Semarang. Sakmenika kula pitaken sami narasumber kaping kalih, yaiku mbakyu Laila Novita babagan “batik Pekalongan”.
Ririn      : Ingkang dados ciri khas batik Pekalongan punika menapa kemawon mbak?
Laila      : Ciri khas batik Pekalongan inggih punika kados badik pesisir ingkang paling sugih badhe werni. Batik pesisir biyasanipun bersifat naturalis. Menawi dipunbanding kaliyan batik pesisir bentenipun batik Pekalongan niki dipengaruhi sanget pandatheng keturunan Cina uga Belanda. Motif batik Pekalongan bebas sanget, uga nggeret, senaosa motifnya kadang kala sami kaliyan batik Solo utawi Jogja.
Ririn      : Motif Batik ingkang wonten ing Pekalongan menapa mawon?
Vizza     :  Motif batik pekalongan niku katah, motif jlamprang, mega mendung lan sak lintune            tasih wonten katah.
Ririn      : Pemasaran batik Pekalongan ngantos pundi kamawon?
Vizza     : Batik Pekalongan sampun kathah dipasarken ngatos datheng luar jawa, dipunantawisipun Sumatra Barat, Sumatra Selatan, Jambi, Minahasa, ngantos Makasar. Biyasanipun panggramen batik ing daerang niki pesen motif ingkang sami kaliyan selera lan adat daerah masing-masing.
Ririn      : Biyasanipun ta panyregep batik punika saking kalangan ibu-ibu, terus napa remaja ing daerah Pekalongan enten ingkang ndherekmawi ndamel batik?
Vizza     : nggih enten sih remaja ing Pekalongan. Nanging punika kekathahen remaja ingkang pedhot sekolah, terus nyambut gawe ndamel batik.
Ririn      : Punapa kok ingkang kersa sinau ndamel batik punika ingkang pedhot sekolah. Punapa ingkang mboten pedhot sekolah mboten minat konjuk sinau ndamel batik. Kados pundi saran panjenengan, kajengipun anak-anak remaja kersa sinau ndamel batik?
Vizza     : ingkang boten saget sekolah puniko kekathahen tyang ingkang kirang mampu dadosipun piambake sinau batik konjuk nyambut damel, menawi ingkang saged sekolah punika langkung ngutamikaken pemucalan. Nah menawi konjuk motifasi pyambake sedaya konjuk sinau ndamel batik punika biasanipun ing saben-saben sekolah kawit SD ngantos SMA biasanipun enten panyinaon konjuk ndamel batik, dados sekedik kathah piyambake sangguh sinau ndamel batik.
Inggih ngoten wau obrolan ing dalu punika, mugi-mugi saged nambahi wawasan kita ngenani budaya ingkang taksih wonten ing jawa tengahan, sakderengipun acara ing dalu punika kita tutup, kula ing mriki sak dangunipun ndereaken acara ing dalu punika kathah keklintuanipun kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Monggo acara ing dalu punika kita tutup kanthi sareng-sareng maos tahmid.


 Wassalamualaikum Wr Wb.

PARIBASAN, BEBASAN, lan SALOKA


PARIBASAN 
          Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha paribasan:
1. Anak catur mungkur 
    tegese : ora gelem ngrungokake rerasaning liyan kang ora prayoga.

2. Keplok ora tombok 
    tegese :  melu seneng-seneng, nanging ora melu ngetokake wragad.

3. Blaba wuda 
    tegese : merga seneng banget lomane, nganti awake dhewe nandhang kacingkrangan.

BEBASAN
         Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang. Wonge uga katut ing sajrone pepindhan nanging kang luwih ditengenake kaanane utawa tindak-tanduke.
Tuladha bebasan :
1. Kocak tandha lukak 
    tegese : wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe.

2. Sedhakep ngawe-awe 
    tegese : wis mareni marang tumindak ala  nanging ing bathin isih kepingin nindakake maneh.

3. Ngubak-ngubak banyu bening
    tegese : gawe kerusuhan ing papan kang tentrem.

SALOKA
       Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge.
Tuladha saloka :
1. Gajah ngidak rapah
    tegese : wong kang nglanggar wewalere dhewe

2. Sumur lumaku tinimba   
    tegese : wong kang kumudu-kudu dijaluki warah

3. Lahan karoban manis 
    tegese : wong bagus/ayu rupane tur becik bebudhene