Senin, 15 Desember 2014

TEMBUNG ENTAR, SANEPA, LAN TEMBUNG SAROJA


Tembung Entar
Tembung entar tegese. Tembung silihan utawa tembung kang duwe teges ora salumrahe utawa saligune. Yen ning bahasa Indonesia asring kasebut “bahasa kiasan” .
Tuladhane:
·  Abang kupinge         : nesu banget
·  Abang-abang lambe : ora temenanan
·  Baling liring             : nglirik mripat
·  Bening atine             : sumeh
·  Cancut taliwanda     : tandang gawe
·  Cupet atine               : gampang nesu
·  Dadi gawe                : ngrepotake
·  Gadho ati                 : gawe susah ati
·  Jembar kaweruhe     : akeh ngelmune
·  Kuwat drajad           : cocok dadi pemimpin
·  Lara ayu                   : lara cacaren
·  Mata dhuwitan         : srakah marang dhuwit
·  Padhang dalane        : mlebu surge
·  Udan tangis              : akeh sing padha nangis
·  Mogel ilate               : mangan sing sarwa enak

Sanepa
Sanepa tegese unen-unen bangsane pepindhan lan ajeg panganggone ngemu surasa mbangetake nanging nganggo tembung sing tegese kosok baline karo karepe.
Tuladha:
·  Arang kranjang        : kerep banget
·  Arang wulu kucing  : akeh banget
·  Arum jamban           : banger/mambu banget
·  Pait madu                 : legi banget
·  Atos debog              : empuk banget
·  Jero tapak meri         : cethek banget
·  Abang dluwang       : pucet banget

Tembung saroja
Tembung saroja, tegese loro padha utawa meh padha tegese di enggo bebarengan.
Tuladha:
·  Abang mbranang
·  Adhem ayem
·  Bagas waras
·  Breh weh
·  Campur bawur
·  Duga prayoga
·  Edi peni
·  Jabang bayi
·  Kabur kanginan
·  Lega lila
·  Raja pati
·  Sabar drana

·  Uba rampe

Purwakanthi

A.Purwakanthi Guru Swara
Purwakanthi swara yaiku unen-unen kang runtut swarane (vokal) Tuladha:
  1. Aja dumeh menang, banjur tumindak sewenang-wenang
  2. Ana awan, ana pangan
  3. Ana dina, ana rupa
  4. Bareng wes makmur, lalli karo sedulur
  5. Becik ketitik, ala ketara
  6. Bungah susah iku lumrah
  7. Gelem obah, mesthi mamah
  8. Gemi setiti ngati-ati
  9. Inggah inggih nanging ora epanggih
  10. Ijo-ijo godhonge kara, bareng bodho lagi rumangsa
  11. Ireng-ireng ketok untune, bareng seneng ketok guyune
  12. Kudu sregep sing sinau, sapa sing kepingin maju
  13. Ora cepet, ora ngliwet
  14. Ora ngedan, ora keduman
  15. Tiwas sayah, ora paedah
  16. Wong bungah sok nemu susah
  17. Witinh tresna, jalaran saka kulina



B.Purwakanthi Guru Sastra
Purwakanthi sastra yaiku unen-unen kang runtut sastrane (kongsonan) Tuladha :
  1. Bobot, bibit, bebet
  2. Aja dhemen memada sameng dumadi
  3. Ketula-tula ketali
  4. Janji jujur jajahe mesthi makmur
  5. Laras, lurus, leres, laris
  6. Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang kaling
  7. Tata titi tutug tatag, tanggung tertib
  8. Ruruh, rereh, ririh ing wewarah
  9. Sing sapa salah bakal saleh
  10. Sing sapa goroh growah
  11. Sluman, slumun, slamet
  12. Tata titi tentrem


C.Purwakanthi Lumaksita
Purwakanthi basa/lumaksita yaiku unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasane gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho. Thuladha :

  1. Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgondani
  2. Bayem arda, ardane ngrusak busana
  3. Kolik priya, priyagung anjani putra
  4. Asung bekti, bektine kawula marang Gusti
  5. Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik
  6. Mangan ati, atine sing kalara-lara
  7. Nandhang lara, larane wong lara lapa
  8. Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa
  9. Raja putra, putra daleme Nagstina
  10. Rujak degan, degane krambil ijo
  11. Remuk rempu, rempu dadi awu
  12. Saking tresna, tresnane mung samedana
  13. Rujak dhondhong, rujake sisaning kakong
  14. Witing tresna, tresnane mung sawetara

Cangkriman

Cangkriman iku unen-unen utawa tetembung sing kudu dibatang utawa di bedhek maksude. Cangkriman uga di arani badhekan.

a). Cangkriman wancah (cekakan), tuladha (contoh) 

  1. Pak beletos : Tapak kebo lelene satus
  2. Pak bomba, pak lawa, pak piyut = tapak kebo amba, tapa ula dawa, tapak sapi ciyut
  3. Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng
  4. Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : klobot ginawa entheng, gentheng digawa abot
  5. Wiwa wite, lesbodhonge, karwa pake : uwi dawa uwite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake
  6. Kabaketan : Nangka tiba neng suketan
  7. Yumaerong : yuyu omahe ngerong
  8. Suru bregitu : asu turu di bregi watu
  9. Karla ndheren : mbakar tela sumendhe keren
  10. Nasgithel : Panas, legi, kenthel


b). Cangkriman pepindhan (emper-emperan), tuladha (contoh) :


  1. Pitik walik saba kebon ( nanas )
  2. Urang sapikul matane pira ? ( ana 6 = Urang, sapi, kul )
  3. Sega sakepel dirubung tinggi, apa ? ( salak )
  4. Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong ( kates )
  5. Emboke di elus elus anak di idak-idak ( andha )
  6. Gajah nguntal sangkrah ( pawon )
  7. Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran (ngundhuh krambil )
  8. Kebo bule cancang merang ( buntil )
  9. Disuguh opak angin ( ora disuguhi apa-apa )
  10. Anake gelungan ibune ngrembyang ( pakis )
  11. Wes gedhe kok ngguyu tawa ( nangis )
  12. Pitik walik saba meja : sulak, kemoceng
  13. Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon ( dom / jarum).
  14. Wit adhikih woh adhakah   ( waloh )
  15. Wit adhakah woh adhikih  ( ringin )
  16. Emboke wuda, anake tapihan ( pring )
  17. Dikethok malah dhuwur ( celana )


c). Awujud plesedan utawa blenderan, tuladha (contoh) :


  1. Wong wudunen kuwi sugih pari : pringisan
  2. Ora usah mutung. Mutung apa? Mutung kesarung (lutung kasarung)
  3. Wong adol tempe ditaleni = sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol.
  4. Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem = sing mesam mesem wong sing nunggu, dudusing mati.
  5. Lampu apa yen dipecah metu uwonge (lampu toko sing lagi ditutup)


d). Awujud sinawung ing tembang, tuladha (contoh) :


  1. Bapak pocung cakemu marep mandhuwur,
  2. sabamu ing sendhang,
  3. pencokanmu lambung kering,
  4. prapteng wisma si pocung muntah guwaya
  5. (batangane = klenthing/jun)

  • Bapak pocung renteng renteng kaya kaliung
  • dawa kaya ula
  • pencokanmu wesi miring
  • sing disaba si pucung mung turut kutha 
  • (batangane : sepur)

  1. Bapak pucung
  2. dudu watu dudu gunung
  3. Sangkamu ing Plembang
  4. ngon ingone sang Bupati
  5. Yenlumampah
  6. Si pucung lembehan grana. (gajah)


  • Bapak pocung
  • Amung sirah lawan gembung
  • Padha dikunjara
  • Mati sajroning ngaurip
  • Mijil baka
  • Si pocung dadi dahana ( Penthol Korek )

Kerata Basa

Kerata basa dalam bahasa jawa adalah "tembung loro sing digandheng nanging suda wandane lan mawa teges" kalau diartikan dalam bahasa indonesia kira2 begini : "dua kata yang disambung menjadi satu (disingkat) dan mengandung arti/makna"
Contohnya :

- Wedang = ngawe kadang.
('Wedang' berarti air teh, kopi atau sejenisnya, sedangkan 'ngawe kadang' artinya memanggil saudara / teman, biasanya tradisi jawa saat berkumpul dgn saudara / teman / tetangga, mereka minum teh atau kopi)

- Kuping = kaku njepiping
(Kuping / telinga = kaku dan melebar)

- Tandur = nata karo mundur
(Tandur = ditata dengan cara mundur / menanam padi)

- Gedhang = digeget sabubare madhang.
(pisang = digigit setelah makan)

- Tarub = ditata kareben murub
(Panggung = di tata / diset biar menyala terang)

- Tebu = antebing kalbu
(Tebu = mantab di rasa / manis banget)

- Dalang = ngudal piwulang
(Dalang = menyampaikan ilmu / pelajaran)

- Sepur = asepe metu ndhuwur
(Kereta api = asapnya keluar diatas / kereta api jaman dulu)

- Dubang = idu abang
(Biasanya orang yang lagi nyirih ludahnya berwarna merah)

- Kathok = yen nganggo diangkat mboko sithok
(Celana = kalau mau dipakai diangkat satu persatu)

- Krikil = keri neng sikil
(Kerikil = geli dikaki / kalau diinjak)

- Garwa = sigaraning nyawa
(Isteri = separuh nyawa)

- Guru = dìgugu lan ditiru
(Guru = dipercaya dan ditiru)

- Prajurit = prawira jujur lan ngirit
(Prajurit = gagah, jujur dan irit)

- Ndelok = kendele mung alok2
(Nonton = beraninya cuma mencela)

Rurabasa

Rurabasa yaiku tembung sing ajeg lan sering digunaake senajan salah kaprah.


1
Adang Esuk
Adang sega wayah esuk
2
Adang sego
Adang beras supaya dadi sega
3
Bakul jangan
Wong dodol keperluane masak
4
Jaga gardhu
Jaga keamanan manggon ing gardhu
5
Kelan lodheh
Nggodhog jejagan supaya dadi lodheh
6
Mangan awan
Mangan sega wayah awan
7
Mbathik iket
Mbathik mori supaya dadi iket
8
Mbunteli tempe
Mbunteli kedhele godhog dimomori ragi supaya dadi tempe
9
Menek klapa
Menek wit klapa
10
Mikul soto
Mikul Kwali isine soto
11
Ndheplok gethuk
Ndheplok tela godhog supaya dadi gethuk
12
Ndondomi klambi
Ndondomi kain supaya dadi klambi
13
Ndhudhuk sumur
Ndhudhuk lemah digawe sumur
14
Mikul sate
Mikul wadhah isi sate
15
Negor gedhang
Negor wit gedhang
16
Nenun sarung
Nenun benang supaya dadi sarung
17
 Netel jadah
Netel ketan sing wis didang supaya dadi jadah
18
Ngekum landha
Ngekum arenge merang supaya dadi landha
19
Ngenam klasa
Ngenam pandham suapaya dadi klasa
20
Ngenam kepang
Ngenam rambut supaya dadi kepang (klabang rambut)
21
Nggodhog wedang
Nggodhog banyu supaya dadi wedang
22
Nglinting rokok
Nglinting mbako karo klobot supaya dadi rokok
23
Nguleg sambel
Nguleg Lombok, uyah, lan trasi digawe sambel
24
Nulis layang
Nulisi dlluwang supaya dadi laying
25
Nunggu manuk
Nunggu sawah supaya parine ora dithotholi manuk
26
Tangi turu
Melek bar turu